Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 7:3 - Kitab Sutji

3 Karomaneh aja bebesanan karo wong iku, anakmu wadon aja kokolehake karo anake lanang, utawa anake wadon iya aja kokjodhokake karo anakmu lanang;

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 7:3
14 Iomraidhean Croise  

supaya kowe sumpah demi Sang Yehuwah Allahe swarga lan bumi ana ngarepku kene, yen anakku ora bakal kokgolekake sisihan saka panunggalane bocah wadon anake wong Kanaan, kang tanahe dakenggoni iki,


mangka ing bab bangsa-bangsa iku Pangeran Yehuwah wus ngandika marang wong Israel mangkene: “Sira aja padha srawungan kalawan bangsa-bangsa iku, lan bangsa-bangsa iku aja nganti srawungan kalawan sira kabeh, amarga wong-wong iku mesthi bakal nggendeng atinira marang allah-allahe.” Panggalihe Sang Prabu Suleman wus tresna banget marang putri-putri mau.


Anggone lumampah ing sajroning dosa-dosane Sang Prabu Yerobeam bin Nebat iku kaya-kaya durung cukup, mulane banjur mundhut garwa Sang Putri Izebel, putrane putri Sang Prabu Etbaal ratu ing Sidon, satemah panjenengane nuli ngabekti marang Baal kalawan disujudi lan disembah.


Ingkang punika sumangga samangke sami ngawontenaken prajanjian kaliyan Gusti allah kita, manawi badhe ngesahaken tiyang estri punika sadaya dalah anak-anakipun ingkang kalairaken, miturut pitedah panjenengan saha para tiyang ingkang gumeter ajrih dhateng pepakening Allah kita, saha lajeng sami tumindaka miturut ing angger-anggering Toret.


Kang iku sira aja nganti ngwenehake anak-anakira wadon marang anake lanang bangsa-bangsa iku lan aja ngalap anak-anake wadon kanggo anakira lanang. Sira aja mbudidaya ngolehake kabegjan lan karaharjan kanggo wong-wong iku nganti ing salawas-lawase, supaya sira padha dadi rosa lan padha mangan pametune tanah kang becik, apadene padha marisake tanah iku marang anak-anakira nganti ing salawas-lawase.


Apadene aku ora bakal padha ngomah-omahake anak-anakku wadon oleh wong bangsa kang manggon ing kono, tuwin iya ora ngalap anak-anake wadon dadi somahe anak-anakku lanang.


Nanging kang rama lan kang ibu padha ngandikani: “Panunggalane anake sanak-sadulurmu lan panunggalane bangsaku kabeh apa ora ana wong wadon, dene kowe kok nganti ngalap rabi saka bangsa Filisti, wong kang ora tetak?” Ature Simson marang kang rama: “Kula mugi panjenengan pundhutaken tiyang punika, amargi punika ingkang kula remeni.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan