PANGANDHARING TORET 7:26 - Kitab Sutji26 Lan barang kang jember aja kokgawa lumebu ing omahmu, temah kowe uga bakal katumpes kaya iku; bab iku anggepen nistha lan najis, marga kabeh iku kudu kasirnakake.” Faic an caibideil |
amarga saka wong, turune Israel utawa wong manca kang manggon ing satengahing Israel, kang nyingkur marang Ingsun lan mundhi-mundhi para brahalane ana ing sajroning atine sarta mrenahake watu sandhungan ana ing ngarepe, kang marakake tumiba ing duraka, mangka banjur nemoni nabi tuwin njaluk tulung supaya nyuwunake pituduh marang Ingsun, Ingsun Yehuwah piyambak kang bakal paring wangsulan.
Ingsun kang nglampahake wewelak iku, – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, – supaya iku lumebu ing omahing maling sarta ing omahe wong kang nglairake sumpah palsu demi asmaningSun, sarta bakal nginep ing omahe kono lan bakal ndadekake rusake, dadia kayune utawa watu-watune.”