Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 7:25 - Kitab Sutji

25 Reca-recane allahe padha obongen nganti entek, salaka lan mase aja kokmeliki lan aja kokepek dhewe, supaya kowe aja nganti kena kala; awitdene iku jember mungguh ing ngatase Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 7:25
22 Iomraidhean Croise  

Tugu-tugu brahala padha diremuki lan saka-saka brahala padha dirubuhake sarta papan-papan ing kono nuli kaurugan ing balung manungsa.


Wong Filisti padha ninggal allah-allahe ana ing kono, lan awit saka dhawuhe Sang Prabu Dawud iku padha kaobongan nganti tapis dening wong Israel.


Sira aja melik marang omahe pepadhanira; sira aja melik marang somahe pepadhanira, utawa bature lanang lan wadon, sapine utawa kuldine, lan apa bae kang dadi duweke pepadhanira.”


Reca pedhet gaweane wong-wong mau banjur dipundhut dening Nabi Musa, diobong sarta diejur-ejur nganti dadi lembut banget, tumuli disawurake ing banyu lan wong Israel padha didhawuhi ngombe banyu iku.


Ature Nabi Musa: “Kawula boten saged tumindak makaten, awit kurban ingkang badhe kawula saosaken dhateng Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula punika, nistha tumrap tiyang Mesir. Saupami kawula sami nyaosaken kurban ingkang nistha tumrap tiyang Mesir wonten ngajenganipun, punapa kawula boten lajeng dipun benturi sela?


Kowe bakal nganggep najis marang reca-recamu kang sinelut ing salaka utawa kang kalapis emas; iku bakal kokbuwang kayadene lawon kang najis kanthi kokcelathoni: “Sumingkira!”


Kowe kabeh iku sanyatane kaya ora ana ing panggawe-panggawemu iku tanpa isi; wong kang milih kowe iku nistha.


Sandhangan kang ana tandha-tandhane mangkono iku kaobonga, awit iku saraat kang ganas banget, barang-barang mau kudu kaobong nganti entek.


Sira aja padha ngadhep marang brahala lan aja gawe sesembahan reca cor-coran; Ingsun iki Yehuwah Allahira.


Manungsa lan kewan bakal Suntumpes, manuk ing awang-awang lan iwak ing sagara samono uga. Ingsun bakal ngrubuhake wong duraka, sarta numpes manungsa saka ing salumahe bumi, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


Misbyah-misbyahe padha rubuhna, tugu-tugune brahala padha remuken lan saka-sakane brahala padha obongen, reca-recane allahe, padha leburen, sarta jenenge padha sirnakna saka ing kono.


Kabeh barang jarahan kaklumpukna ana ing tengah alun-alun, nuli kutha dalah jarahane kabeh obongen nganti entek, minangka kurban obaran kang ganep sumaos marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu. Kabeh iku bakal tetep dadi gempuran ing salawase, aja nganti dibangun maneh.


Anggonmu nyaosake kurban sapi utawa wedhus marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, aja kang ana cacade, utawa apa bae kang ala, awit iku jember kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.”


Opahe wong tuna-susila sarta dhuwit opahane pajindikan aja nganti koklebokake ing pedalemane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kanggo netepi salah sawijining nadar; awitdene iku jember tumraping Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.”


Kenaa ing laknat wong kang gawe reca ukir-ukiran utawa cor-coran, gegaweane tukang, kang dadi jejember ana ing ngarsane Sang Yehuwah, sarta kang diprenahake ana ing panggonan kang ndhelik. Wong sabangsa kabeh banjur padha sumaura bareng: Amin!


Sakehe bangsa kang bakal diulungake dening Pangeran Yehuwah marang kowe iku kudu padha koktumpes; aja nganti kokeman, lan aja ngabekti marang allahe, awit iku masthi dadi kalajiret tumrap kowe.


Nanging bangsa-bangsa iku padha etrapana mangkene: Misbyahe padha rubuhna, lan tugu-tugune brahala padha remukana, saka-sakane brahala padha sirnakna, lan reca-recane padha kaobonga nganti entek.


Nanging wong Israel padha nerak kasetyane, yaiku njupuk barang-barang sengkeran mau, amarga Akhan bin Karmi, bin Zabdi, bin Zerah, saka taler Yehuda, njupuk barang kang kasengker iku. Mulane Pangeran Yehuwah banjur duka marang wong Israel.


ing antawisipun barang jarahan punika kula tingali wonten jubahipun satunggal ingkang endah, damelan ing Sinear, sarta selaka kalih atus sekel, punapa dene jene salonjor ingkang wawratipun seket sekel; awit saking kepengin kula lajeng kula pendhet; lan barangipun sami kula dhelikaken wonten ing siti ing lebetipun kemah kula, selakanipun wonten ing ngandhap piyambak.”


Lan ing bathuke kacirenan jeneng, sawijining wewadi: “Babil gedhe baboning para tunasusila lan sakehing kanisthan ing bumi.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan