PANGANDHARING TORET 7:24 - Kitab Sutji24 Dalasan ratu-ratune iya bakal padha diulungake marang ing tanganmu supaya jenenge padha koksirnakake saka ing sangisore langit, ora ana wong siji-sijia kang bisa menang karo kowe, nganti kabeh wus padha koktumpes. Faic an caibideil |
Saben gegaman kang digembleng arep kanggo nglawan sira ora bakal bisa tumama, sarta saben wong kang nandukake pandakwa marang sira ana ing pangadilan bakal sira buktekake manawa salah. Iya iki kang bakal dadi pandumane para abdine Pangeran Yehuwah tuwin kabeneran peparingingSun, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
Mulane besuk samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus kelakon maringi tentrem marang kowe, uwal saka sakehe mungsuh ing saubengmu, ana ing nagara kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe minangka darbekmu lan tanah-pusakamu, kowe banjur nyirnakna pangeling-eling marang Amalek saka ing sangisore langit. Iku kowe aja nganti lali!”
Pangeran Yehuwah mesthi ora ngapura marang wong kang mangkono iku, malah bakal kataman ing bebendu lan kasujanane Pangeran Yehuwah kang makantar-kantar, sarta bakal katempuh ing sakehe sumpah kang katulisan ana ing kitab iki, apadene Sang Yehuwah bakal nyirnakake jenenge saka ing sangisoring langit;
Bab iku ing dina iki kowe paha sumurupa, yen Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya Panjenengane kang tindak dadi pangiridmu sarta asipat kaya geni memangsa, iya Panjenengane kang bakal numpes sakehe bangsa iku, padha ditelukake ana ing ngarepmu. Kaya mangkono dadine bangsa mau bakal koktundhungi lan bakal enggal koksirnakake, kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah marang kowe.