Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 7:23 - Kitab Sutji

23 Kaya mangkono anggone bangsa-bangsa mau bakal padha diulungake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang ing tanganmu, lan bakal padha dikisruhake babar pisan, nganti padha tumpes kabeh.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 7:23
11 Iomraidhean Croise  

Rasa giris marang Ingsun bakal Sunkirimake ndhingini sira, Ingsun bakal ndadekake kisruhe sakehe wong kang sira parani, lan sakehe mungsuhira bakal Sundamel lumayu ninggal sira.


Padha ngadhuh-adhuha, sabab dinane Sang Yehuwah wus cedhak, tekane iku kayadene pangrusak saka Kang Mahakwasa.


Para tiyang ingkang sami mbujeng kawula, kajengipun nandhang wirang, nanging kawula sampun ngantos kawirangan; kajengipun sami giris, nanging kawula sampun ngantos giris. Dintening bilai nempuha dhateng para tiyang punika, saha sami Paduka sirnakna ngantos tikel.


Adhuh bilai dina iku, dene nyata wus chedak dinane Pangeran Yahuwah, tekane awujud karusakan saka Kang Mahakwasa.


sarta astane Sang Yehuwah uga nglawan wong-wong mau, padha ditumpes lan kasirnakake saka ing pakemahan nganti entek kabeh.


Sang Yehuwah bakal ngulungake para bangsa mau marang ing tanganmu, sawuse nuli padha etrapana miturut kaya kang wus dakprentahake marang kowe.


kayadene para bangsa kang ditumpes dening Sang Yehuwah ana ing ngarepmu, mangkono uga kowe iya bakal padha katumpes, marga kowe ora padha gelem ngrungokake pangandikane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.”


Bab iku ing dina iki kowe paha sumurupa, yen Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya Panjenengane kang tindak dadi pangiridmu sarta asipat kaya geni memangsa, iya Panjenengane kang bakal numpes sakehe bangsa iku, padha ditelukake ana ing ngarepmu. Kaya mangkono dadine bangsa mau bakal koktundhungi lan bakal enggal koksirnakake, kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah marang kowe.


Wong-wong iku bakal nglakoni paukuman, nandhang karusakan salawase, diedohake saka ing pangayunaning Pangeran lan saka ing kamulyaning panguwaose


Sang Yehuwah banjur damel kisruhing mungsuh ana ing ngarepe wong Israel, temah Senapati Yusak njalari mungsuhe padha kasoran banget ana ing sacedhake Gibeon, tumuli padha dioyak ana ing dalan kang ngener marang ing unggah-unggahan ing Bet-Horon, panggecake nganti tumeka ing Azeka lan ing Makeda.


Sang Yehuwah tumuli ngisruhake Sisera lan sakehing karetane tuwin sabalane kabeh ana ing ngarsane Sang Barak kalawan landheping pedhang, temah Senapati Sisera banjur mandhap saka ing karetane, keplajeng kalawan dharat.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan