PANGANDHARING TORET 7:21 - Kitab Sutji21 Aja giris marga saka wong-wong mau, marga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing tengahmu, Gusti Allah kang mahaagung lan kang nggegirisi. Faic an caibideil |
Sawuse kabeh dakulatake, aku tumuli ngadeg mituturi marang para pemimpin lan para panggedhe tuwin wong akeh liyane: “Sampun sami ajrih dhateng tiyang-tiyang punika, sami engeta dhateng Gusti Allah ingkang mahaagung lan nggegirisi sarta sami nglampahana perang nglabuhi sadherek-sadherek panjenengan, para putra panjenengan jaler estri, garwa panjenengan lan pemahan panjenengan.”
Lah sapunika, dhuh Allah kawula, Gusti Allah ingkang mahaagung, santosa lan nggegirisi, ingkang ngekahi ing prasetya saha sih-kadarmanipun, sampun ngantos Paduka galih remeh sakathahing kasisahan ingkang sampun sami kawula sandhang, inggih ratu-ratu kawula, panuntun-panuntun kawula, imam-imam kawula, nabi-nabi kawula, saha para leluhur kawula, malah inggih umat Paduka sadaya, wiwit jamanipun para raja ing Asyur dumugi sapunika.
temtu badhe cariyos dhateng tiyang ingkang sami manggen ing nagari ngriki, ingkang sampun sami mireng, bilih Paduka Pangeran Yehuwah, wonten ing tengahipun bangsa punika, saha bilih Paduka sampun ngatingal dhateng bangsa punika kalayan aben ajeng, saha bilih sami kaeyuban ing mega Paduka, punapa malih anggen Paduka ngirid lampahipun punika manawi siyang srana tugu mega, manawi dalu srana tugu latu.
Ing wektu iku bakal padha katempuh ing mulad-mulading bebenduningSun lan bakal Suntilar kalawan ngaling-alingi wadananingSun, temah bakal padha kamangsa nganti entek lan katrajang ing bilai lan kasusahan akeh, nganti ing wektu iku padha duwe pangucap mangkene: Rak marga Gusti Allah ora ana ing satengah kita, anggon kita padha katrajang ing bilai lan karubedan tumpa-tumpa iki?