Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 7:2 - Kitab Sutji

2 sarta iku wus padha diulungake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe satemah kena kokgecak nganti kalah, bangsa iku kudu padha koktumpes babar pisan. Aja gawe prajanjian karo bangsa-bangsa iku lan aja kokwelasi.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 7:2
45 Iomraidhean Croise  

Sarta pinujia Gusti Allah Ingkang Mahaluhur, dene sampun masrahaken mengsah jengandika wonten ing asta jengandika.” Rama Abram banjur ngaturake saprasepuluhe barang bandhangan mau.


Sang Prabu banjur nimbali wong-wong Gibeon sarta dipangandikani: – wong Gibeon iku ora padha kagolong bangsa Israel, nanging klebu kekarene bangsa Amori, mangka wong Israel wus padha prajanji klawan supata, ewadene Sang Prabu Saul marga saka mempenge anggone tumindak kanggo wong Israel lan wong Yehuda banjur ngudi sirnane wong-wong mau. –


Sang Prabu Benhadad matur: “Kitha-kitha ingkang karebat dening rama kawula saking rama paduka, badhe kawula unjukaken wangsul; salajengipun bokbilih paduka ngersakaken badhe yasa peken wonten ing Damsyik kagem paduka, sumangga, inggih kados dene anggenipun rama kawula yasa wonten ing Samaria.” “Dene kula piyambak,” mangkono pangandikane Sang Prabu Akhab, “badhe ngaturi panjenengan kondur sasampunipun ngawontenaken prajanjian.” Sang Prabu Akhab nuli damel prajanjian kalawan panjenengane, sarta banjur nglilani panjenengane kondur.


Ingkang punika sumangga samangke sami ngawontenaken prajanjian kaliyan Gusti allah kita, manawi badhe ngesahaken tiyang estri punika sadaya dalah anak-anakipun ingkang kalairaken, miturut pitedah panjenengan saha para tiyang ingkang gumeter ajrih dhateng pepakening Allah kita, saha lajeng sami tumindaka miturut ing angger-anggering Toret.


Para bangsa padha ora dibengkas, kaya kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang para leluhur,


Sing sapa sesajen marang para allah lan ora marang Pangeran Yehuwah, kudu disirnakake.”


Wong Israel banjur nglairake punagi marang Sang Yehuwah, unjuke: “Manawi bangsa punika sadaya Paduka ulungaken dhateng tangan kawula, kitha-kithanipun badhe sami kawula gempur dados jugrugan.”


Kang iku sakehe anake lanang wong-wong iku padha patenana, lan sakehe wong wadon kang wus tau awor turu karo wong lanang iya padha patenana;


wong kang manggon ing kono nuli padha sira tundhungana kabeh saka ing ngarepira, lan sakehe watu ukir-ukirane padha sira sirnakna, karodene sakehe reca cithakan iya padha sira gempurana, dalah sakehe tengger pepundhene padha sira bubrahana.


iku aja nganti kokkalahi lan aja kokrungokake. Iya aja kokeman lan kokwelasi utawa kokdhelikake kaluputane;


nanging wong iku poma patenana, tanganmu dhewe kang miwiti mateni dhisik, nuli tangane wong sabangsa kabeh.


Wong kang kaya mangkono iku aja kokwelasi. Kaya mangkono anggonmu ngilangi getihe wong kang resik saka ing Israel, supaya kowe ginanjara slamet.”


nanging Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita masrahake Sang Nata marang kita, temahan banjur kita kalahake dalah para putrane lan sabalane kabeh.


Ing nalika iku kita ngrebut sakehe kuthane sarta wong isine saben kutha padha kita tumpes, iya wong lanang, iya wong wadon dalah bocah-bocah, ora ana wonge siji-sijia kang kita karekake;


Awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, tansah tindak ana ing satengahing pakemahanmu prelu ngluwari kowe lan ngulungake mungsuhmu marang kowe; mulane pakemahanmu iku kudu suci, aja nganti Sang Yehuwah mirsa apa bae kang ora pantes ana ing antaramu, temah banjur mengker nilar kowe.”


wong wadon iku kethoken tangane, aja kokmesakake.”


Anadene Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, tumuli iya ngulungake Prabu Og, ratu ing Basan marang tangan kita dalah sabalane kabeh, temahan padha kita sorake, nganti wonge ora ana siji-sijia kang bisa oncat.


Sang Yehuwah bakal ngulungake para bangsa mau marang ing tanganmu, sawuse nuli padha etrapana miturut kaya kang wus dakprentahake marang kowe.


Gusti Allah kang langgeng iku dadi pangaubanmu, lan ing ngisormu ana bau-bau kang langgeng. Panjenengane nundhungi mungsuh saka ing ngarepmu, sarta ngandika: Tumpesen!


Sakehe bangsa kang bakal diulungake dening Pangeran Yehuwah marang kowe iku kudu padha koktumpes; aja nganti kokeman, lan aja ngabekti marang allahe, awit iku masthi dadi kalajiret tumrap kowe.


Bab iku ing dina iki kowe paha sumurupa, yen Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya Panjenengane kang tindak dadi pangiridmu sarta asipat kaya geni memangsa, iya Panjenengane kang bakal numpes sakehe bangsa iku, padha ditelukake ana ing ngarepmu. Kaya mangkono dadine bangsa mau bakal koktundhungi lan bakal enggal koksirnakake, kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah marang kowe.


Ing dina iku Senapati Yusak mbedhah kutha Makeda lan digecak klawan landheping pedhang, uga ratune; kuthane dalah wong saisine kutha padha ditumpes, ora ana wong siji-sijia kang bisa oncat lan ratu ing Makeda iku dipatrapi padha kaya kang wus katandukake marang ratu ing kutha Yerikho.


Lan kutha iku uga diulungake Sang Yehuwah marang wong Israel dalah ratune; kuthane digecak dening Senapati Yusak klawan landheping pedhang dalah sakehe wong saisine kutha, ora ana wong siji-sijia kang bisa oncat, sarta ratune dipatrapi padha kaya kang wus ditandukake marang ratu ing Yerikho.


Anadene Sang Yehuwah ngulungake Lakhis mau marang wong Israel. Ing dina kapindhone wus karebut dening Senapati Yusak. Kutha dalah saisine digecak klawan landheping pedhang, trep kaya kang wus katandukake marang Libna.


Kaya mangkono anggone Senapati Yusak ngawonake nagara iku kabeh, ing pagunungan, ing tanah Negeb, ing Dhaerah Pagunungan lan ing perenging gunung dalah ratune, ora ana wong siji-sijia kang bisa oncat, kabeh kang ambekan padha dipateni, kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel.


Sakehe ratu iku mau lan nagarane padha ditelukake dening Senapati Yusak ing sajrone salampahan bae, amarga Sang Yehuwah, Gusti Allahe wong Israel kang nyarirani perange Israel.


iku padha diulungake dening Pangeran Yehuwah marang wong Israel, banjur digecak lan dioyak terus nganti tutug ing Sidon-Gedhe lan ing Misrefot-Maim, apadene tutug ing lebak Mizpa sisih wetan; anggone nggecak nganti ora ana siji-sijia kang bisa oncat


Wangsulane telik loro mau marang Rakhab: “Kula sami nanggel gesang panjenengan klayan ngetohaken nyawa kula, janji panjenengan boten nglairaken prakawis kula punika; benjing samangsa Sang Yahuwah sampun maringaken negari punika dhateng kula, kula sami badhe ngatingalaken panarimah saha kasetyan kula dhateng panjenengan.”


Sabanjure padha diparingi tentrem ing sakubenge dening Sang Yehuwah netepi prasetyane kang kanthi supaos marang para leluhure. Sakehing mungsuhe ora ana siji-sijia kang lestari urip ana ing ngarepe: Sakehing mungsuhe padha diulungake dening Sang Yehuwah marang ing tangane.


Bareng bangsa Israel wus rampung anggone mateni sakehing wong ing kutha Ai ana ing ara-ara kang ngeblak, – anggone padha ngoyak mrono iku – lan sawuse kabeh padha dipateni kalawan landheping pedhang, nganti tumpes tapis, wong Israel kabeh tumuli padha bali menyang ing kutha Ai lan nggecak kutha iku kalawan landheping pedhang.


Wangsulane wong-wong mau marang Senapati Yusak: “Para abdi panjenengan sami angsal wartos ingkang gumathok, bilih Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, sampun paring dhawuh dhateng Nabi Musa, abdinipun, supados maringaken nagari punika sadaya dhateng panjenengan, sarta nyirnakaken sakathahipun tiyang ingkang manggen ing nagari punika saking ing ngarsa panjenengan; mila kula sami ajrih sanget manawi badhe kecalan nyawa kula wonten ing ngarsa panjenengan; inggih punika sababipun kula lajeng gadhah patrap ingkang kados mekaten punika.


Nanging wong Israel tumuli padha celathu marang wong Hewi mau: “Bokmanawi panjenengan punika sami manggen wonten ing tengah-tengah kula ngriki, kadospundi anggen kula saged damel prajanjian kaliyan panjenengan?”


Bareng telik mau padha ndeleng wong siji kang metu saka ing kutha, banjur celathu: “Aku tulungana, tuduhna dalane lumebu menyang kutha, nuli kowe bakal dakanggep kaya mitra!”


Taler Yehuda banjur mangkat, Sang Yehuwah nuli ngulungake wong Kanaan lan wong Feris ing tangane, temah padha kagecak ana ing Bezek, sepuluh ewu kehe.


nanging sira iku aja gawe prajanjian karo wong ing tanah kene, misbyahe malah bubrahana. Nanging sira padha ora ngestokake marang dhawuhingSun. Kapriye dene sira kok padha mangkono?


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan