Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 7:17 - Kitab Sutji

17 Saupama kowe duwe osik: Bangsa-bangsa iku cacahe ngungkuli bangsaku, kapriye anggonku bisa nundhungi?,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 7:17
14 Iomraidhean Croise  

Kowe kang maune ngunandika: Aku arep munggah menyang ing langit, aku arep ngedegake dhamparku ana ing sadhuwure lintang-lintange Gusti Allah, lan aku arep lungguh ing gununging pasamuwan, ing sisih lor adoh.


Mulane iki sira rungokna, he wong kang urip seneng-seneng, kang mung lelinggihan kalawan ayem, kang mosik sajroning atimu mangkene: “Ora ana liyane ing sandhingku! Aku ora bakal dadi randha, lan ora bakal cures turunku!”


Ing kono sira bakal mosik ing sajroning atinira: “Sapa ta kang nglairake iku kabeh kanggo aku? Aku iki rak ora duwe anak lan gabug, sarta banjur digawa menyang ing pambuwangan lan disingkirake? Nanging anak-anak iki sapa kang nggedhekake? Aku iki rak wus nyata katinggal ijen, nanging anak-anak iki kabeh, saka ing ngendi pinangkane?”


Lan samangsa ana pitakon kang tuwuh ana ing atimu: “Yagene aku kataman kang kaya mangkene iki kabeh?” Amarga saka gedhening durakamu, mulane poncoting tapihmu dibiyak lan kowe dirodapeksa!


Wong-wong mau padha aweh pawarta kang ala marang wong Israel bab tanah kang wus ditelik mau, celathune: “Nagari ingkang sampun kula dlajahi lan kula telik punika nagari ingkang mangsa tiyang ingkang ngenggeni, sarta sakathahipun tiyang ingkang sampun sami kula tingali wonten ing ngrika punika dedeg-pangadegipun inggil-inggil.


Pangeran Yehuwah nuli ngandika marang Nabi Musa: “Sira aja wedi karo wong iku, marga iku Sunulungake ing tanganira dalah rakyate kabeh apadene nagarane. Kabeh iku sira etrapana kaya anggonira wus ngetrapi marang Sihon ratune wong Amori kang manggon ana ing Hesybon.”


Tanahe padha sira ejegana lan sira enggonana, awitdene sira kang padha Sunparingi tanah iku supaya dadi darbekira.


Nanging Gusti Yesus ora kekilapan tumrap pikirane wong-wong iku. Banjur mundhut bocah cilik siji, diadegake ing sandhinge


Kita banjur arep menyang ing ngendi? Sadulur-sadulurku wus padha gawe remuking atiku srana ngucap mangkene: Bangsa ing kono iku cacahe akeh, dedege ngungkuli aku, kutha-kuthane gedhe-gedhe lan balowartine sundhul ing langit, karodene aku iya padha ndeleng wong bani Enak ana ing kono.


Dingati-ati, supaya ing atimu aja nganti ana pikiran kang ala mangkene: Iki wus ndungkap taun kapitu, taun mangsane palunasan utang, lan kowe banjur mangkel marang sadulurmu kang miskin iku lan ora menehi apa-apa; nuli sadulurmu mau sesambat marang Sang Yehuwah mungguh ing ngatase kowe, temah prakara iku ndadekake dosamu.


Saupama kowe duwe osik ing sajroning atimu: Kapriye bisaku ngerti marang pitutur kang dudu dhawuhe Sang Yehuwah.


Mulane kowe aja nganti padha duwe osik ing atimu: Pangwasaku lan karosanku kang njalari aku oleh kasugihan iki.


lan kowe padha weruh dhewe apa kang wus ditandukake dening Sang Yehuwah Gusti Allahmu marang sakehe bangsa ing kene marga saka kowe kabeh, sabab Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu iku kang nyarirani perangmu.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan