Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 7:16 - Kitab Sutji

16 Sakehe bangsa kang bakal diulungake dening Pangeran Yehuwah marang kowe iku kudu padha koktumpes; aja nganti kokeman, lan aja ngabekti marang allahe, awit iku masthi dadi kalajiret tumrap kowe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 7:16
21 Iomraidhean Croise  

Para bangsa padha ora dibengkas, kaya kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang para leluhur,


brahalane padha disembah, temah dadi kalajiret tumrap para leluhur.


Bangsa-bangsa mau bakal ora tetep pamanggone ana ing nagaranira, supaya ora njalari sira padha gawe dosa marang Ingsun, yaiku sira padha ngabekti marang allahe; prakara mangkono iku mesthi dadi kala-jiret tumrap sira.”


Sawuse iku – mangkono pangandikane Sang Yehuwah – Zedhekia, raja ing Yehuda, para punggawane tuwin para wong isining kutha, kekarene kang isih urip, ora tinempuh ing pageblug, pedhang lan paceklik, iku kabeh bakal Sunulungake marang tangane Nebukadnezar, raja ing Babil, yaiku mungsuhe, kang ngarah nyawane, banjur padha dipateni kalawan landheping pedhang tanpa pangeman, piwelas lan pangapura.


Nanging manawa sira padha ora nundhungi wong bumi ing tanah iku saka ing ngarepira, masthi sapira panunggalane kang kari iku bakal padha dadi klilip ana ing mripatira, kaya eri kang nancep ing awakira, sarta bakal padha gawe susahira ana ing tanah kang sira enggoni iku.


Kowe aja padha kasasar: Sesrawungan kang ala iku ngrusak padatan kang becik.


iku aja nganti kokkalahi lan aja kokrungokake. Iya aja kokeman lan kokwelasi utawa kokdhelikake kaluputane;


nanging wong iku poma patenana, tanganmu dhewe kang miwiti mateni dhisik, nuli tangane wong sabangsa kabeh.


Wong kang kaya mangkono iku aja kokwelasi. Kaya mangkono anggonmu ngilangi getihe wong kang resik saka ing Israel, supaya kowe ginanjara slamet.”


Wong kaya mangkono iku aja kokwelasi, sabab kudu tumindak, nyawa walese nyawa, mata walese mata, untu walese untu, tangan walese tangan lan sikil walese sikil.”


wong wadon iku kethoken tangane, aja kokmesakake.”


sarta iku wus padha diulungake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe satemah kena kokgecak nganti kalah, bangsa iku kudu padha koktumpes babar pisan. Aja gawe prajanjian karo bangsa-bangsa iku lan aja kokwelasi.


Reca-recane allahe padha obongen nganti entek, salaka lan mase aja kokmeliki lan aja kokepek dhewe, supaya kowe aja nganti kena kala; awitdene iku jember mungguh ing ngatase Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.


Jalaran saka pangrehe Sang Yehuwah, atine wong mau pada diwangkotake, temah padha perang nglawan wong Israel, amrih pada katumpes, ora diwelasi, nanging pada disirnakake, kaya kang dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.


Padha nyingkur marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure, kang wus ngentasake saka ing tanah Mesir, padha manut marang allah liya-liyane, panunggalane para allahe para bangsa kang ana ing sakubenge, sarta padha sujud marang iku, temah damel gerahe panggalihe Sang Yehuwah.


Ingsun malah uga wus ngandika: Wong iku bakal padha ora Suntundhungi saka ing ngarepanira, malah iku bakal padha dadi mungsuhira sarta sakehing allahe bakal padha dadi kalajiret tumrap sira.”


Wong Israel padha ngalap anake wadon dadi bojone lan anake wadon padha diolehake karo anake lanang wong-wong iku, sarta padha ngabekti marang para allahe wong-wong iku.


Mas mau tumuli ditanjakake Gidheon kanggo gawe efod, kang banjur diprenahake ana ing kuthane, ing Ofra. Wong Israel kabeh banjur padha tumindak sedheng klawan nyembah efod mau ana ing kono, sarta iku dadi kalajiret tumrap Sang Gidheon dalah saisining daleme.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan