Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 7:14 - Kitab Sutji

14 Anggonmu binarkahan iku bakal ngluwihi sakehe para bangsa, bakal ora ana panunggalanmu kang gabug, dadia lanang utawa wadon, dalah kewanmu iya ora ana kang majer.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 7:14
11 Iomraidhean Croise  

Anadene wong iku padha banget diberkahi dening Pangeran, temah banjur banget anggone ngambra-ambra, tuwin raja-kayane padha didadekake nak-kumanak.


Kowe padha ginanjara berkah dening Sang Yehuwah, kang nitahake langit lan bumi.


Lah anak-anak lanang iku pusaka peparinge Sang Yehuwah, wohing wetengan iku sawijining pituwas.


Anadene Ingsun bakal enget marang sira lan ndadekake sira bebranahan sarta tangkar-tumangkar, tuwin Ingsun bakal netepake prasetyaningSun klawan sira.


Dhawuhe Gusti Allah marang Bileam: “Sira aja melu wong-wong iku; bangsa iku aja sira ipat-ipati, marga wus kanggonan berkah.”


Mangkono uga Sang Yehuwah bakal ngluberake kadarman marang kowe, iya bab wohing wetenganmu, wohing raja-kayamu, pametuning palemahanmu ana ing tanah kang wus diprasetyakake dening Sang Yehuwah kalawan supaos marang para leluhurmu yen bakal diparingake marang kowe.


Bakal binerkahan wohing wetenganmu, pametuning palemahanmu, wohing raja-kayamu, iya wetengane sapimu lan wedhusmu.


Ing kono Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal ngluberake kadarmane marang kowe tumrap sabarang kang koklakoni, iya kang arupa wohing wetenganmu, lan wohing raja-kayamu sarta pametuning palemahanmu; awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal karenan ing galih marang kowe maneh marga saka kabegjanmu, kaya biyen anggone karenan ing galih marang para leluhurmu.


Rahayu kowe, he Israel, sapa kang madhani kowe, sawijining bangsa kang kaluwaran dening Pangeran Yehuwah, tameng pitulungan lan pedhanging kaunggulanmu. Mulane mungsuhmu bakal padha nungkul sumuyud marang kowe, sarta kowe bakal lumaku ngambah ing punthuk-punthuke.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan