Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 7:13 - Kitab Sutji

13 Kowe bakal dikasihi, diberkahi lan didadekake tangkar-tumangkar. Karodene Panjenengane iya bakal mberkahi wohing wetenganmu, pametuning bumimu, gandummu lan anggurmu sarta lengamu, apadene anak-anake sapimu lan wedhusmu ana ing tanah kang wus diprasetyakake kalawan supaos marang para leluhurmu yen iku bakal diparingake marang kowe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 7:13
26 Iomraidhean Croise  

Lah sapunika, dhuh Allah kawula, Gusti Allah ingkang mahaagung, santosa lan nggegirisi, ingkang ngekahi ing prasetya saha sih-kadarmanipun, sampun ngantos Paduka galih remeh sakathahing kasisahan ingkang sampun sami kawula sandhang, inggih ratu-ratu kawula, panuntun-panuntun kawula, imam-imam kawula, nabi-nabi kawula, saha para leluhur kawula, malah inggih umat Paduka sadaya, wiwit jamanipun para raja ing Asyur dumugi sapunika.


Piyambakipun tuwin griya dalasan sadaya barang darbekipun, punapa boten Paduka pageri kemput? Punapa ingkang katindakaken sampun Paduka berkahi saha barang darbekipun saya wewah wonten ing nagari ngriku.


Wasana Ayub diberkahi dening Sang Yehuwah nganti ngungkuli dhek biyen; duweke kang rupa wedhus patbelas ewu, untane nem ewu, sapine sewu rakit, lan kang rupa kuldi wadon sewu.


Wong iku kaya wit kang tinandur ana ing sapinggiring kali, kang metokake woh ing kalamangsane, lan ora alum godhonge, apa bae kang ditandangi mesthi lestari.


Anadene wong iku padha banget diberkahi dening Pangeran, temah banjur banget anggone ngambra-ambra, tuwin raja-kayane padha didadekake nak-kumanak.


Amarga Sang Yehuwah iku adil; remen marang kaadilan: wong kang burus atine bakal nyawang wedanane.


Lah anak-anak lanang iku pusaka peparinge Sang Yehuwah, wohing wetengan iku sawijining pituwas.


Pangeran Yehuwah ngelekake mripate para wong wuta, Pangeran Yehuwah njejegake para wong kang tumungkul, Pangeran Yehuwah ngasihi marang para wong mursid.


Nanging sira kudu ngabekti marang Pangeran Yehuwah Gusti Allahira, temah roti lan banyune bakal binerkahan lan Ingsun bakal ngedohake lelara saka ing tengahira.


Berkahe Pangeran Yehuwah iku kang nyugihake, ora bakal diwuwuhi dening rekasane dhewe.


Dalane wong duraka iku jember ana ing ngarsane Sang Yehuwah, nanging wong kang ngupaya kabeneran iku dikasihi.


Anadene Ingsun bakal enget marang sira lan ndadekake sira bebranahan sarta tangkar-tumangkar, tuwin Ingsun bakal netepake prasetyaningSun klawan sira.


Ananging Kratoning Allah lan kasampurnane, iku padha upayanen dhisik, nuli samubarang iku mau kabeh bakal diparingake marang kowe.


Sing sapa nggondheli pepakonKu kalawan ditetepi, iya iku kang tresna marang Aku. Lan sing sapa tresna marang Aku, iku bakal dikasihi dening RamaKu sarta iya bakal Dakkasihi sarta Aku bakal nglairake sariraKu marang wong iku.”


Manawa kowe netepi pepakonKu, kowe mesthi padha tetep dumunung ing sihKu, padha kaya anggonKu wus netepi dhawuhe RamaKu lan tetep dumunung ing sihe.


awitdene Sang Rama piyambak ngasihi kowe, marga kowe wus padha tresna marang Aku, lan pracaya yen Aku iki pinangkane saka ing Allah.


Wruhanira, nagara iku wus Sunulungake marang sira; padha lumebua, manggona ing tanah kang wus diprasetyakake dening Sang Yehuwah kalawan supaos marang leluhurira Abraham, Iskak lan Yakub, yen bakal kaparingake marang dheweke kabeh lan saturun-turune.”


Barang-barang rayahan mau aja ana kang tumemplek ing tanganmu, supaya mulad-mulading bebendune Sang Yehuwah mendha, lan kowe diparingana piwelas lah sih-mirma, apamaneh ditangkar-tangkarna, kaya kang wus dadi prasetyane kalawan supaos marang para leluhurmu.


“Manawa kanthi temen-temen anggonmu ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan tumemen anggonmu nglakoni sakehe pepakon kang daklairake marang kowe ing dina iki, Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, mesthi bakal maringi kaluhuran marang kowe ngungkuli para bangsa ing salumahe bumi.


Mangkono uga Sang Yehuwah bakal ngluberake kadarman marang kowe, iya bab wohing wetenganmu, wohing raja-kayamu, pametuning palemahanmu ana ing tanah kang wus diprasetyakake dening Sang Yehuwah kalawan supaos marang para leluhurmu yen bakal diparingake marang kowe.


Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal ngirid kowe lumebu menyang nagara kang wus dadi duweke leluhurmu, nuli kowe kang bakal ndarbeni. Kowe bakal diparingi kadarman lan kadadekake tangkar-tumangkar nganti ngungkuli para leluhurmu mau.


Pangeran Yehuwah anggone katarik panggalihe marang kowe lan anggone milih kowe, iku ora marga saka cacahmu ngungkuli bangsa-bangsa liyane, – sajatine kowe iku rak cilik dhewe ana ing antarane bangsa-bangsa kabeh –,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan