“Mulane saiki, he wong Israel, padha ngrungokna katetepan lan pranatan kang dakwarahake marang kowe supaya padha koklakoni, temah kowe lestari urip sarta padha lumebu lan ngejegi nagara peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu, marang kowe.
Elinga, kowe wus padha dakwarah bab katetepan lan pranatan kaya kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahku, marang aku, supaya padha nglakoni ana ing nagara kang kokparani lan kang bakal kokejegi.
Kang iku kowe padha nglakonana apa sadhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe iku kalawan tumemen, sarta aja nyimpang mangiwa utawa manengen.
“Sarta bakal kelakon, sarehne kowe padha nilingake lan nglakoni pranatan-pranatan iku kalawan temen-temen, mulane Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, iya bakal netepi prasetyan lan sih-kadarmane kang wus didhawuhake kalawan supaos marang para leluhurmu.
Dingati-ati, aja nganti lali marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, nganti ora netepi pepakene, pranatane lan katetepane kang dakluntakake marang kowe ing dina iki;