Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 7:10 - Kitab Sutji

10 nanging saben wong kang sengit marang Panjenengane, bakal diwales lan disirnakake. Satrune ora diparingi sumene, mesthi terus bae bakal diwales.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 7:10
18 Iomraidhean Croise  

Sira aja sujud utawa ngabekti marang iku, awitdene Ingsun, Yehuwah Allahira, iki Allah kang sujanan, kang males kaluputane bapa marang anak-putune, turun ping telu lan ping pat tumrap wong kang padha sengit marang Ingsun,


kang netepake sih susetyane marang wong ewon, kang ngapura kaluputan, panerak lan dosa; nanging babar pisan ora ngalisake wong kang salah saka ing paukuman, kang malesake kaluputaning bapa marang anak-putune, turun ping telu lan ping pat.”


Manawa wong bener oleh piwales ana ing donya, mendahane maneh wong duraka lan wong dosa!


Laras karo panggawe-panggawening wong, mangkene anggone paring piwales: bebendu kang mulad-mulad marang para kang nglawan, pidana marang para mengsahe; malah dalasan pulo-pulo kang adoh uga kadhawahan pidana.


Paduka ingkang ngatingalaken sih-susetya Paduka dhateng tiyang ewon-ewon, ingkang malesaken dosanipun bapa dhateng anak-anakipun ing sapengkeripun. Dhuh Gusti Allah ingkang agung tuwin kuwaos, asma Paduka punika ingkang sinebut Sang Yehuwah, Gustinipun ingkang sarwa dumados.


Pangeran Yehuwah iku Allah kang butajengan lan pemales, Pangeran Yehuwah iku pemales sarta kebak bebendu kang mulad-mulad, Pangeran Yehuwah paring piwales marang para satrune, sarta terus bae dukane marang para mengsahe.


Anadene saangkate pethi, Nabi Musa munjuk marang Pangeran Yehuwah mangkene: “Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa jumeneng, supados mengsah Paduka sami pating slebar saha tiyang-tiyang ingkang sami sengit dhumateng Paduka sami keplajenga saking ngarsa Paduka.”


Pangeran Yehuwah iku luwih dening sabar sarta luber sih-kamirahane, kang ngapura kaluputan lan panerak, sanajan kang nglakoni mesthi ora luput saka paukuman, malah malesake durakane para bapa ana ing anakputu, turun ping telu lan ping pat.


Para sadulurku kang kinasih, aja nganti kowe dhewe padha nandukake piwales, nanging iku pasrahna marang bebendune Gusti Allah, sabab ana tulisan mangkene: “Pamales iku wewenangingSun. Ingsun kang bakal malesake,” mangkono pangandikaning Pangeran.


Jaka lan prawan, pasuson lan wong kang wus uwanen bakal padha tumpes, ana ing jaba dening pedhang ana ing jero kamar dening pagiris.


Ingsun kang kagungan wewenang pepulih lan males, ing mangsane sikile nggloyori, awitdene wus cedhak dinaning karusakane, sarta enggal bakal nekani apa kang dadi pepesthene.


samangsa Ingsun ngasah pedhangingSun kang gilap, sarta astaningSun ngasta pangadilan, mesthi Ingsun bakal paring piwales marang kang padha nglawan marang Ingsun, sarta males marang para satruningSun.


Sira aja sujud utawa nyembah marang iku, awitdene Ingsun, Yehuwah Allahira, iku Allah kang butajengan, kang males kaluputane para bapa marang anak-anake lan marang turune kang katelu lan kaping pat, wong-wong kang sengit marang Ingsun;


Mulane kowe padha netepana prentahe, yaiku katetepan lan pranatan kang dakluntakake marang kowe ing dina iki supaya koklakoni.”


Kang iku sumurupa, yen Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku kang jumeneng Allah, Gusti Allah kang setya-tuhu, kang netepi prasetya lan sih-kadarmane tumrap kang padha tresna ing Panjenengane lan netepi dhawuh-dhawuhe, nganti pirang-pirang ewu turunan,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan