Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 6:5 - Kitab Sutji

5 Kang iku kowe tresnaa marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu sarta ing sakekuwatanmu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 6:5
26 Iomraidhean Croise  

Lan Sang Prabu Suleman ngatingalake sih-sutresnane marang Sang Yehuwah kalawan netepi pranatan-pranatane Sang Prabu Dawud, kang ramane; mung bae panjenengane isih caos kurban sembelehan lan kekutug ana ing tetengger pangurbanan.


Sadurunge panjenengane ora ana ratu kang kaya panjenengane, kang anggone mratobat marang Pangeran Yehuwah kanthi gumolonging panggalihe, kanthi gumolonging nyawane lan kanthi sakakuwatane kabeh, miturut sakehe Torete Nabi Musa, sarta sawuse panjenengane ora ana ratu maneh kang kaya panjenengane.


Padha nganakake prajanjian arep ngupaya Sang Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure kalawan gumolonging ati lan gumulonging nyawane.


Sawuse mangkono Sang Nata tumuli jumeneng ana ing panggenane sarta damel prajanjian ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah, manawa bakal manut marang Pangeran Yehuwah, netepi ing pepakene, pranatane lan katetepane kalawan gumolonging atine, tuwin kalawan gumolonging nyawane sarta bakal nindakake sabdaning prajanjian kang katulis ing kitab mau.


Rahayu wong kang padha netepi ing dhawuh pepengete sarta ngupaya Panjenengane kalawan gumolonging ati,


He sakehe para kekasihing Pangeran, padha tresnaa marang Sang Yehuwah! Sang Yehuwah ngreksa para wong kang setya, nanging kang gumunggung diwales temenan.


Sing sapa nresnani bapa utawa biyunge nganti ngungkuli Aku, iku ora pantes tumraping Aku, lan sing sapa nresnani anake lanang utawa wadon ngungkuli Aku, iku ora pantes tumraping Aku.


Paring wangsulane Gusti Yesus: “Sira tresnaa marang Pangeran Allahira kalawan gumolonging atinira, lan gumolonging nyawanira, sarta gumolonging budinira.


Sira tresnaa marang Allahira kalawan gumolonging atinira, lan kalawan gumolonging nyawanira, sarta kalawan gumolonging budinira apadene kalawan sakabehing kakuwatanira.


Pancen, tresna dhateng Gusti Allah kalayan gumolonging manah, kalayan gumolonging budi, saha kalayan sadaya kakiyatan, punapa dene tresna dhateng sasami-sami kadosdene dhateng badanipun piyambak, punika langkung dening utami yen katimbang kaliyan sadaya kurban obaran tuwin kurban sembelehan.”


Atur wangsulane wong iku: “Kowe tresnaa marang Pangeran, Allahmu, kalawan gumolonging nyawamu sarta kalawan sakabehing kakuwatanmu apadene kalawan gumolonging budimu. Lan marang sapepadhamu dikaya marang awakmu dhewe.”


“Kang iku, he wong Israel, apa kang dadi pundhutane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, ora liya mung supaya kowe padha wedi-asiha marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lumakua ana ing dalan kang ditedahake, sarta tresnaa lan ngabektia marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging ati lan gumolonging nyawamu;


“Kowe kudu padha tresna marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan netepana apa kang dadi kuwajibanmu marang Panjenengane kanthi temen-temen, yaiku sakehe katetepane, pranatane lan pepakene.


Manawa kowe kanthi temen-temen anggonmu ngestokake pepakon kang dakluntakake marang kowe ing dina iki lan padha tresna lan ngabekti marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu,


pangajake nabi utawa wong olah impen mau aja kokturuti; awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, nyoba marang kowe, supaya katitika apa kowe padha tresna marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu.


Padha manuta lan wedi-asiha marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, padha netepana pepakene lan ngestokna dhawuhe, sarta padha ngabektia lan rumaketa marang Panjenengane.


– anggere kowe nglakoni pepakon iki kalawan temen-temen, iya kang dakprentahake marang kowe ing dina iki, apamaneh nresnani marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan tansah ngambah dalan pitedahe –, kutha telu mau banjur wuwuhana telu maneh,


Iku manawa kowe ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kanthi netepi pepaken lan katetepane kang padha katulisan ana ing kitab Toret iki, sarta manawa kowe mratobat marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu.”


marga ing dina iki aku prentah marang kowe, supaya kowe tresnaa marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, sarta lumakua ana ing dalan pitedahe, apadene netepana ing pepaken lan katetepan sarta prasetyane, supaya kowe lestaria urip lan tangkar-tumangkara, sarta diberkahana dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing nagara kang kokparani lan bakal kokejegi.


kalawan nresnani marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ngrungokake marang pangandikane sarta rumaket marang Panjenengane; marga yaiku kang njalari uripmu lan dawane umurmu ana ing tanah kang wus diprasetyakake dening Pangeran Yehuwah kalawan supaos, marang para leluhurmu yaiku: Eyang Abraham, Iskak lan Yakub, yen bakal kaparingake.”


Karodene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal netaki atimu lan atine turunmu, temah ndadekake kowe padha tresna marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu, njalari kowe lestari urip.


Bareng ana ing kana kowe lagi padha nggoleki Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan iya bakal ketemu, anggere anggonmu nggoleki kanthi gumolonging ati lan gumolonging nyawamu.


Mung ditlaten kang banget anggonmu padha netepi pepakon lan angger-angger kang wus diprentahake dening Nabi Musa abdine Sang Yehuwah marang kowe, bab enggonmu padha tresna marang Sang Yehuwah Gusti Allahmu, lan padha ngambaha ing sakehe dalan pitedhahe, tansah netepi ing pepakene klawan rumaket marang Panjenengane, apadene padha ngabektia klawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu.”


Amarga katresnan marang Gusti Allah iku wujude yaiku, yen kita padha netepi ing pepakone. Pepakon-pepakone iku ora abot,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan