Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 6:3 - Kitab Sutji

3 Mulane, he Israel, padha ngrungokna! Iku kabeh padha lakonana kalawan temen-temen, supaya kowe padha ginanjar slamet lan supaya padha tangkar-tumangkar, kaya kang wus dijanjekake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu, marang kowe ana ing tanah kang luber puwan lan madu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 6:3
25 Iomraidhean Croise  

Sira bakal Sundadekake bangsa kang gedhe lan Sunberkahi, sarta jenengira Sundadekake luhur, tuwin sira bakal dadi berkah.


Lan turunira bakal Suntangkarake dadi kaya lebune bumi, dadine manawa ana kang bisa ngetung lebune bumi, turunira iya bakal kena dietung.


Rama Abram banjur diirid medal ing jaba sarta dipangandikani: “Sira tumengaa marang ing langit lan lintange etungen, yen sira bisa ngetung cacahe.” Tumuli disambeti pangandika maneh: “Iya samono bakal cacahe turunira.”


mulane sira bakal Sunberkahi nganti luber lan turunira bakal Suntangkar-tangkarake cacahe nganti kaya lintang ing langit lan kaya wedhi ing pinggir segara, sarta turunira bakal ngebeki gapurane mungsuhe.


Karomaneh Ingsun bakal ngakehake turunira kaya lintang ing langit; lan turunira bakal Sunparingi tanah iki kabeh; sarta marga saka turunira sakehe bangsa ing bumi bakal binerkahan.


Turunira bakal dadi kaya lebuning bumi lan sira bakal ngambra-ambra mangetan, mangulon, mangalor lan mangidul, sarta marga saka sira lan turunira sakehe golongan ing bumi bakal padha kaberkahan.


Paduka piyambak sampun ndhawuhaken pepaken Paduka, supados dipun tetepana kaliyan tumemen.


Wong Israel banjur padha bebranahan lan ora kena dietung cacahe; mundhak dadi akeh matikel-tikel, nganti ngebaki nagara.


Kang iku pangandikaningSun: Ingsun bakal ngluwari sira saka kasangsaran ing Mesir, Sunirid menyang tanahe wong Kanaan, wong Het, wong Amori, wong Feris, wong Hewi lan wong Yebus, menyang tanah kang luber puwan lan madu.


Sarta maneh pangandikane: “Ingsun iki Allahe leluhurira, Allahe Abraham, Allahe Iskak lan Allahe Yakub!” Sang Musa banjur nutupi pasuryane, marga ajrih nyawang marang Gusti Allah.


Mulane Ingsun tumedhak karsa nguwalake umatingSun saka ing tangane wong Mesir, sarta Sunirid metu saka ing nagara iku menyang nagara kang becik lan jembar, nagara kang luber puwan lan madu, panggonane wong Kanaan, wong Het, wong Amori, wong Feris, wong Hewi lan wong Yebus.


Sanadyan wong dosa lan kang nglakoni piala ping satus dawa umure, nanging aku sumurup, manawa wong kang wedi marang Gusti Allah iku bakal oleh kaslametan, amarga padha wedi marang pangayunane.


Pratelakna manawa wong bener iku rahayu! Amarga bakal mangan wohing panggawene.


Saea awona, kula badhe mirengaken sabdanipun Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, ingkang panjenengan sowani margi saking panyuwun kula dhateng panjenengan, supados kula manggih wilujeng, awit kula sami ngestokaken dhateng sabdanipun Sang Yehuwah, Gusti Allah kita.”


Mung prakara iki kang Sundhawuhake: Sira padha ngrungokna dhawuhingSun, temah Ingsun bakal dadi Allahira lan sira dadi umatingSun, apadene sira tansah lumakua ana ing dalan kang Suntedahake marang sira, supaya sira padha nemu begja.


Nanging saya celak kalampahaning prajanji ingkang dipun paringaken dening Gusti Allah dhateng Rama Abraham, bangsa wau saya mindhak kathah wonten ing Mesir,


sarta supaya kowe padha kaparingana umur dawa ana ing tanah kang wus diprasetyakake dening Pangeran Yehuwah marang para leluhurmu kalawan supaos, yen bakal kaparingake marang para leluhurmu lan marang turune, sawijining nagara kang luber puwan lan madu.


Paduka mugi karsaa mirsani saking papan padaleman Paduka ingkang suci, saking swarga, saha mugi karsaa mberkahi umat Paduka Israel, saha tanah peparing Paduka dhateng kawula, kados anggen Paduka prasetya klayan supaos dhateng para leluhur kawula, tanah ingkang luber puwan lan madunipun.”


Lajeng kawula dipun bekta mriki, sami kaparingan nagari punika, nagari ingkang luber puwan lan madu.


iku banjur tulisana sakehe pangandikaning angger-anggere Toret iki, yaiku samangsa kowe wus nyabrang lumebu ing nagara peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, tanah kang luber puwan lan madu, kaya kang wus kajanjekake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu marang kowe.


Awitdene Ingsun bakal ngirid lakune lumebu ing tanah kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos marang para leluhure, yaiku tanah kang luber puwan lan madu; nanging samangsa wus padha mangan nganti wareg lan dadi lemu, nuli bakal padha marani allah liyane, lan ngabekti marang iku. Ingsun bakal disepelekake lan prasetyaningSun diselaki.


Kowe padha netepana katetepan lan pepakene kang dakprentahake marang kowe ing dina iki, supaya kowe lan anak-putumu ing besuk padha diganjara slamet, sarta dinawakna umurmu ana ing tanah peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe ing salawas-lawase.”


Mulane iku padha lakonana kalawan setya, awitdene iku kang bakal dadi kawicaksananmu lan kaluwihaning budimu ana ing ngarepe para bangsa, kang samangsa krungu sakehe katetepan iku, bakal celathu: Bangsa gelengan gedhe iki pancen bangsa kang wicaksana lan limpad ing budi.


Tanah kang sugih gandum lan sair, wit anggur, wit anjir sarta wit delima; nagara kang ana wite jaitun lan ana madune,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan