Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 6:24 - Kitab Sutji

24 Kita padha didhawuhi dening Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, supaya nglakoni sakehe katetepan iku lan supaya padha wedi-asih marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, supaya kita tansah slamet lan supaya kita dilestarekake urip kaya ing dina iki.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 6:24
20 Iomraidhean Croise  

Rahayu wong kang nggatekake marang wong kang ringkih! Wong iku bakal dipitulungi Sang Yehuwah ing wektu nandhang sangsara.


Pangeran Yehuwah bakal ngayomi lan ngopeni nyawane, temah kasebut wong begja ana ing bumi; Paduka boten badhe marengaken piyambakipun dipun angge dolanan dening mengsahipun!


Panjenengane kang nguripi nyawa kita sarta ora marengake manawa sikil kita padha gloyoran.


Nanging pangandikane Nabi Musa marang bangsa iku: “Aja kuwatir, awit rawuhe Gusti Allah iku arep nyoba kowe, lan supaya kowe padha duwea ering marang Panjenengane, aja nganti padha gawe dosa.”


Andhap-asor lan pangabekti marang Sang Yehuwah iku diganjar, kasugihan, kaluhuran lan urip.


Manawa sira wicaksana, kawicaksananira iku kanggo sira dhewe, sarta manawa sira ambek memoyok, iku sira dhewe kang bakal nanggung.


Pratelakna manawa wong bener iku rahayu! Amarga bakal mangan wohing panggawene.


Karo maneh Ingsun bakal maringi padha tunggal budi lan tunggal tindak-tanduk, temah padha sumuyud marang Ingsun ing sauruting jaman murih becike saturun-turune besuk.


Ananging Kratoning Allah lan kasampurnane, iku padha upayanen dhisik, nuli samubarang iku mau kabeh bakal diparingake marang kowe.


Pangandikane Gusti Yesus marang wong mau: “Wangsulanmu iku bener; iku lakonana, temah kowe bakal urip.”


Sabab Nabi Musa nyerat bab kabeneran kang marga saka ing angger-anggering Toret iku mangkene: “Sapa kang nglakoni prakara iku, bakal urip marga saka iku.”


“Mulane saiki, he wong Israel, padha ngrungokna katetepan lan pranatan kang dakwarahake marang kowe supaya padha koklakoni, temah kowe lestari urip sarta padha lumebu lan ngejegi nagara peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu, marang kowe.


nanging kowe kang padha rumaket marang Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, isih padha lestari urip nganti tekan ing dina iki.


supaya kowe wedi-asiha marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, netepana sakehe katetepan lan pepakene kang dakterusake marang kowe, iya kowe dalah anak-putumu sajegmu urip, supaya dawa umurmu.


nanging kita banjur padha dientasake saka ing kono bakal diirid lumebu, prelu diparingi nagara kang wus diprasetyakake kalawan supaos marang para leluhur kita.


“Sakehe pepakon, kang dakprentahake marang kowe ing dina iki, iku padha lakonana kalawan temen-temen, supaya kowe padha lestari urip lan tangkar-tumangkar, sarta padha bisa lumebu sarta ngejegi nagara kang wus diprasetyakake dening Sang Yehuwah kalawan supaos marang para leluhurmu.


Mulane atimu diesorake, kowe ditegakake keluwen, sarta kowe diparingi mangan man, kang durung tau kokweruhi lan para leluhurmu iya durung tau weruh, supaya kowe ngerti yen uripe manungsa iku ora mung marga saka roti bae, nanging manungsa iku uripe marga saka samubarang kang dipangandikakake dening Sang Yehuwah.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan