Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 6:23 - Kitab Sutji

23 nanging kita banjur padha dientasake saka ing kono bakal diirid lumebu, prelu diparingi nagara kang wus diprasetyakake kalawan supaos marang para leluhur kita.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 6:23
7 Iomraidhean Croise  

Samangsa Pangeran Yehuwah wus ngirid kowe lumebu ing tanahe wong Kanaan, wong Het, wong Amori, wong Hewi lan wong Yebus, nagara kang wus diprasetyakake klawan supaos marang para leluhurmu bakal kaparingake marang kowe, tanah kang luber puwan lan madu, nuli kowe padha netepana pranatan iki, ing sajroning sasi mangkene iki uga.


Bangsa kang ala iki, mesthi ora ana wonge siji-sijia kang bakal ndeleng nagara kang becik kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos yen bakal Sunparingake marang para leluhurira,


Wruhanira, nagara iku wus Sunulungake marang sira; padha lumebua, manggona ing tanah kang wus diprasetyakake dening Sang Yehuwah kalawan supaos marang leluhurira Abraham, Iskak lan Yakub, yen bakal kaparingake marang dheweke kabeh lan saturun-turune.”


Anadene besuk samangsa wus kelakon kowe diirid dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu lumebu ing nagara kang wus diprasetyakake kalawan supaos marang para leluhurmu, Abraham, Iskak lan Yakub, bakal diparingake marang kowe, – kutha-kutha kang gedhe lan endah kang dudu yasanmu,


karomaneh kowe nglakonana apa kang bener lan kang becik ana ing ngarsane Sang Yehuwah, supaya kowe ginanjara slamet, sarta lumebu lan ngejegi nagara kang becik kang wus diprasetyakake kalawan supaos dening Pangeran Yehuwah marang para leluhurmu,


Pangeran Yehuwah nindakake pratandha lan kaelokan kang nggegirisi lan gawe cilaka tumuju marang ing tanah Mesir, marang Sang Prabu Pringon lan sabrayate kabeh kang padha kita sipati,


Kita padha didhawuhi dening Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, supaya nglakoni sakehe katetepan iku lan supaya padha wedi-asih marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, supaya kita tansah slamet lan supaya kita dilestarekake urip kaya ing dina iki.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan