Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 6:22 - Kitab Sutji

22 Pangeran Yehuwah nindakake pratandha lan kaelokan kang nggegirisi lan gawe cilaka tumuju marang ing tanah Mesir, marang Sang Prabu Pringon lan sabrayate kabeh kang padha kita sipati,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 6:22
15 Iomraidhean Croise  

apadene ndhatengake pratandha lan kaelokan ana ing satengahmu, he tanah Mesir, nglawan marang Raja Pringon lan sakehing abdine.


Marang Panjenengane kang nindakake kaelokan gedhe piyambakan, awit langgeng sih-kadarmane.


iku mung koksawang kalawan mripatmu dhewe bae, lan ndeleng piwales marang para wong duraka.


Sarta supaya sira bisa nyaritakake marang anak-putunira apa kang wus Suntindakake marang wong Mesir, lan sakehe pratandha kang Suntindakake ana ing antarane, supaya sira padha sumurupa manawa Ingsun iki Yehuwah.”


Mulane Ingsun bakal ngegarake astaningSun lan nggebag tanah Mesir klawan sarupane kaelokan, kang bakal Suntandukake ana ing tengahe. Sawuse mangkono nuli bakal nglilani sira lunga.


Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu kang ngirid lakumu iku, kang bakal nyarirani perangmu, patrape kaya kang wus ditandukake marang kowe nalika ana ing tanah Mesir lan iku iya padha koksipati,


Lan ing nalika iku Yusak dakprentahi mangkene: Mripatmu dhewe wus ndeleng sabarang kang wus ditandukake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu marang ratu loro iku; kaya mangkono uga Sang Yehuwah iya bakal nandukake marang sakehe karajan kang bakal koklurugi.


Mripatmu dhewe wus padha ndeleng apa kang ditandukake dening Sang Yehuwah tumrap Baal-Peor; awitdene saben wong kang manut marang Baal-Peor iku wus ditumpes kasirnakake saka ing tengahmu dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu;


Karomaneh apa tau ana allah kang rawuh mundhut bangsa saka satengahe bangsa liya dadi kagungane, srana nindakake panyoba lan pratandha sarta kaelokan apadene perang, kalawan asta kang rosa lan lengen kang kaulukake lan kalawan pagiris kang ngedab-edabi, kaya kang wus ditandukake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, kanggo kowe ana ing Mesir kang padha koksipati?


nuli anakmu mau wangsulana: Kita dhek biyen padha dadi kawulane Sang Prabu Pringon ing tanah Mesir, nanging Sang Yehuwah wus ngentasake kita saka ing tanah Mesir kalawan asta kang rosa.


nanging kita banjur padha dientasake saka ing kono bakal diirid lumebu, prelu diparingi nagara kang wus diprasetyakake kalawan supaos marang para leluhur kita.


yaiku pangrencana-pangrencana kang gedhe, kang wus koksipati dhewe, apadene pratandha-pratandha lan kaelokan sarta asta kang rosa lan lengen kang kaulukake, kang dadi sranane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, anggone ngentasake kowe; iya kaya mangkono uga bakal pandamele Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, marang sakehe bangsa kang kokwedeni iku.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan