PANGANDHARING TORET 6:21 - Kitab Sutji21 nuli anakmu mau wangsulana: Kita dhek biyen padha dadi kawulane Sang Prabu Pringon ing tanah Mesir, nanging Sang Yehuwah wus ngentasake kita saka ing tanah Mesir kalawan asta kang rosa. Faic an caibideil |
Karomaneh apa tau ana allah kang rawuh mundhut bangsa saka satengahe bangsa liya dadi kagungane, srana nindakake panyoba lan pratandha sarta kaelokan apadene perang, kalawan asta kang rosa lan lengen kang kaulukake lan kalawan pagiris kang ngedab-edabi, kaya kang wus ditandukake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, kanggo kowe ana ing Mesir kang padha koksipati?