Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 6:18 - Kitab Sutji

18 karomaneh kowe nglakonana apa kang bener lan kang becik ana ing ngarsane Sang Yehuwah, supaya kowe ginanjara slamet, sarta lumebu lan ngejegi nagara kang becik kang wus diprasetyakake kalawan supaos dening Pangeran Yehuwah marang para leluhurmu,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 6:18
23 Iomraidhean Croise  

endahe ngungkuli mas, malah ngluwihi mas murni akeh; legine ngungkuli madu, malah ngungkuli rembesing madu saka ing tala tawon.


pangandikane: “Manawa sira padha ngrungokake marang dhawuhing Pangeran Yehuwah Gusti Allahira kanthi temen-temen, lan nglakoni apa kang bener ana ing paningale, sarta nilingake kupingira marang dhawuhe, apadene tansah nindakake sakehe katetepane, mesthi sira ora bakal Sunganjar sadhengah lelara kang wus Suntandukake marang wong Mesir, awitdene Ingsun iki Yehuwah kang nyarasake sira.”


Pratelakna manawa wong bener iku rahayu! Amarga bakal mangan wohing panggawene.


unjuke: “Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngengeti anggen kawula sampun gesang wonten ing ngarsa Paduka kalayan setya tuwin tulusing manah sarta anggen kawula sampun nindakaken punapa ingkang sae tumrap ing paningal Paduka.” Sawuse mangkono Sang Prabu Hizkia banjur muwun kepati-pati.


Ewasamono sira padha celathu: Yagene anak kok ora melu nanggung kaluputane bapakne? – Amarga anak iku nglakoni kaadilan lan kabeneran; nindakake sakehing katetepaningSun kalawan setya, mulane mesthi urip.


Nanging manawa wong duraka mratobat lan ngunduri sakehing dosa kang dilakoni tuwin ngugemi sakehing katetepaningSun sarta nindakake kaadilan lan kabeneran, iku mesthi urip, ora bakal mati.


Balik wong duraka manawa mratobat lan ninggal durakane kang dilakoni tuwin banjur nindakake kaadilan lan kabeneran, iku bakal mitulungi nyawane.


Manawa ana wong mursid kang nindakake kaadilan lan kabeneran,


Manawa Ingsun ngandika marang wong duraka: Sira mesthi mati! – nanging wong mau banjur nyingkiri pialane tuwin tumindak adil lan bener,


Sakehing dosa kang dilakoni ora bakal kaetung maneh; dheweke wus nglakoni kaadilan lan kabeneran, mulane mesthi bakal urip.


Kosok baline manawa wong duraka ninggal durakane lan banjur nindakake kaadilan lan kabeneran, mesthi bakal urip marga saka tumindake mau.


Efraim, brahala-brahala iku magepokan apa karo Ingsun? Ingsun kang paring wangsulan lan nggalih marang sira! Ingsun iki kaya wit beros kang katon ijo, saka Ingsun anggonira oleh woh.


Kang ngutus Aku iku nunggil karo Aku. Sang Rama ora nilar Aku ijen, awit Aku tansah nglakoni kang dadi keparenge.”


Lan kowe aja madha rupa kaya jagad iki, nanging padha salina marga saka budimu kaanyarake, satemah kowe bisa niteni apa kang dadi karsane Gusti Allah, apa kang becik, kang ndadekake keparenge Gusti Allah lan kang sampurna.


Aja kokpangan, supaya kowe saanak-putumu ing sapungkurmu padha slameta, marga kowe nglakoni apa kang bener ana ing paningale Sang Yehuwah.


Gatekna temenan apa kang dakprentahake marang kowe, supaya kowe saanak-putumu ing sapungkurmu padha ginanjara slamet ing salawas-lawase, marga kowe nglakoni apa kang becik lan bener ana ing paningale Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.”


Amarga kanthi patrap kaya mangkono kowe dadine ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah Gusti Allahmu, lan netepi sakehe pepakene kang dakluntakake marang kowe ing dina iki, sarta nglakoni apa kang bener ana ing paningale Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.”


Kowe padha netepana katetepan lan pepakene kang dakprentahake marang kowe ing dina iki, supaya kowe lan anak-putumu ing besuk padha diganjara slamet, sarta dinawakna umurmu ana ing tanah peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe ing salawas-lawase.”


Bok iya tetepa anggone padha duwe bebuden mangkono iku yaiku, padha wedi-asih marang Ingsun sarta netepi pepakeningSun, supaya padha ginanjar slamet dalah anak-putune salawas-lawase.


Kabeh dalan kang ditedahake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, iku ambahen, supaya kowe padha urip lan padha ginanjar slamet apadene dawa umurmu ana ing tanah kang bakal kokejegi.”


Anadene besuk samangsa wus kelakon kowe diirid dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu lumebu ing nagara kang wus diprasetyakake kalawan supaos marang para leluhurmu, Abraham, Iskak lan Yakub, bakal diparingake marang kowe, – kutha-kutha kang gedhe lan endah kang dudu yasanmu,


kalawan nundhungi sakehe mungsuhmu saka ing ngarepmu, kaya kang wus didhawuhake dening Sang Yehuwah.


Dingati-ati, aja nganti lali marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, nganti ora netepi pepakene, pranatane lan katetepane kang dakluntakake marang kowe ing dina iki;


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan