Wong-wong tumuli padha madoni Nabi Musa, ature: “Kula panjenengan paringi toya, supados sami saget ngombe!” Pangandikane Nabi Musa: “Yagene kowe kok padha madoni aku? Lan padha nyoba marang Pangeran Yehuwah?”
Panggonan iku banjur diarani Masa lan Meriba, marga wong Israel padha madoni lan padha nyoba marang Pangeran Yehuwah, tembunge: “Pangeran Yehuwah iku ana ing satengah kita apa ora?”
Iku mau banyu ing Meriba, papan panggonane wong Israel padha nglawan Sang Yehuwah sarta Panjenengane nedahake kasucene ana ing satengahe wong-wong iku.
Tumrap Lewi, unjuke: “Tumim saha Urim Paduka punika dadosa gadhahanipun tiyang ingkang Paduka kasihi, ingkang sampun Paduka cobi wonten ing Masa saha ingkang sampun Paduka pabeni wonten ing sacelakipun tuk ing Meriba;