Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 6:15 - Kitab Sutji

15 awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku Allah kang butajengan ana ing tengahmu, supaya aja nganti bebendune Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu mulad-mulad marang kowe, temah kowe ditumpes kasirnakake saka ing bumi.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 6:15
20 Iomraidhean Croise  

Amarga pitung dina engkas, Ingsun bakal nekakake udan ing bumi lawase patang puluh dina patang puluh bengi, sarta sakehing dumadi karyaningSun bakal Sunsirnakake saka ing salumahe bumi.”


Anadene panggawe kang mangkono iku dadi lan dosane tedhake Sang Prabu Yerobeam, satemah banjur padha kasirnakake saka ing salumahing bumi.


Nanging wong-wong padha memoyoki para utusaning Allah mau, ngremehake pangandikaning Allah lan padha gawe geguyon marang para nabine. Mulane Pangeran Yehuwah banjur duka marang umate, nganti ora bisa lilih maneh.


Sinten ingkang sumerep karosaning bebendu Paduka, saha ajrih dhateng anggen Paduka duka?


Saestu, kawula sami sirna margi saking bebendu Paduka, saha kadhawahan giris awit saking bramantya Paduka.


Sira aja sujud utawa ngabekti marang iku, awitdene Ingsun, Yehuwah Allahira, iki Allah kang sujanan, kang males kaluputane bapa marang anak-putune, turun ping telu lan ping pat tumrap wong kang padha sengit marang Ingsun,


Punapaa dene tiyang Mesir ngantos sami badhe reraosan: Anggone ngirid wong iku arep digawe sangsara lan arep dipateni ana ing gunung lan bakal ditumpes kasirnakake saka ing bumi? Paduka mugi karsaa nyirep mulad-mulading bebendhu Paduka, saha karsaa nggetuni bab bilai ingkang badhe Paduka dhawahaken dhateng umat Paduka.


mulane pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Sanyata, Ingsun bakal nyirnakake sira saka ing bumi; sajrone taun iki uga sira bakal mati, marga sira wus ngajak murtad saka ngarsane Sang Yehuwah.”


ora nindhes wong ngamanca, bocah lola lan randha, ora ngwutahake getihe wong kang ora salah ana ing papan kene sarta ora ngetutwuri allah liyane kang marakake bilainira dhewe.


“Mung sira kang Sunudaneni, saka sakehe bangsa ing salumahing bumi, mulane sira bakal Sunukum marga saka sakehe kaluputanira.


Lah, Sang Yehuwah Allah wus nitipriksa karajan kang nindakake dosa iku. Iku bakal Suntumpes temah sirna saka ing lumahe bumi; nanging turune Yakub iku bakal ora Suntumpes nganti tapis,” – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah –.


Kang iku sira aja nganti padha gawe najise tanah kang sira enggoni, iya kang Sundalemi ing tengahe; awitdene Ingsun, Yehuwah, dedalem ana ing satengahe wong Israel.”


Utawa apa kita nedya memungu bentering panggalihe Gusti? Apa iya karosan kita ngungkuli Panjenengane?


Yen kaya mangkono, bebendune Sang Yehuwah bakal mulad-mulad marang kowe sarta langit bakal kainebake, temah ora ana udan lan bumi ora aweh pametu, sarta kowe enggal padha tumpes sirna saka ing nagara kang becik peparinge Pangeran Yehuwah marang kowe.


Awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku asipat kaya geni memangsa, Allah kang ambek butajengan.


Sira aja sujud utawa nyembah marang iku, awitdene Ingsun, Yehuwah Allahira, iku Allah kang butajengan, kang males kaluputane para bapa marang anak-anake lan marang turune kang katelu lan kaping pat, wong-wong kang sengit marang Ingsun;


awitdene anakira lanang mesthi bakal didadekake nyimpang saka Ingsun, satemah padha ngabekti marang allah liyane. Manawa mangkono bebendune Sang Yehuwah bakal mulad-mulad marang kowe lan kowe enggal bakal katumpes.


Amarga manawa kowe padha mreduli lan padha rumaket marang kekarene para bangsa kang isih kari ana ing antaramu iki, malah nganti padha bebesanan lan sesrawungan karo wong-wong iku


menawa kowe padha nerak prajanjian kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah Gusti Allahmu marang kowe, sarta lunga ngabekti lan sujud marang allah liyane, ing kono bakal mulad-mulad bebendune Sang Yehuwah marang kowe, temah kowe bakal enggal tumpes sirna saka ing nagara kang becik kang wus kaparingake marang kowe.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan