Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 6:14 - Kitab Sutji

14 Aja ngetut-buri allah liya-liyane, panunggalane allah-allahe para bangsa kang ana ing saubengmu;

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 6:14
13 Iomraidhean Croise  

Pangeran Yehuwah wus nganakake prajanjian karo para turune Rama Yakub iku lan wus padha diparingi dhawuh: “Sira aja padha ngabekti marang allah liyane, sira aja padha sujud nyembah marang iku, sira aja padha ngibadah marang iku lan aja padha misungsung kurban marang iku.


sanadyan Paduka sampun ngremuk kawula wonten ing tengahipun segawon ajag, saha Paduka nglimputi kawula kalayan pepeteng.


Sira aja nduweni allah liyane ana ing ngarsaningSun.


Aja ngetut-buri marang allah liyane, aja kokbekteni lan koksujudi. Sira aja gawe gerahing panggalihingSun sarana gegaweane tanganira, supaya Ingsun aja nganti nekakake bilai marang sira.


Ingsun wus ngutus marani sira sakehe abdiningSun, yaiku para nabi, tanpa kendhat anggone mituturi: Padha mratobata saka tindak-tandukira kang ala, panggawenira owahana supaya becik, aja ngetutwuri allah liyane lan aja sujud nyembah marang iku, temah sira bakal tetep manggon ana ing tanah kang Sunparingake marang sira lan leluhurira. Nanging sira padha suthik nggatekake lan ngestokake marang Ingsun.


ora nindhes wong ngamanca, bocah lola lan randha, ora ngwutahake getihe wong kang ora salah ana ing papan kene sarta ora ngetutwuri allah liyane kang marakake bilainira dhewe.


lan laknat, manawa kowe padha ora ngestokake pepakene Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, sarta nyleweng saka ing dalan kang dakprentahake marang kowe ing dina iki, tuwin ngetut-buri marang allah liyane kang ora kokweruhi.


iya panunggalane allahe para bangsa kang ana ing saubengmu, dadia kang cedhak utawa kang adoh karo kowe, saka poncoting bumi tekan poncoting bumi,


Sira aja nduweni allah liyane ana ing ngarsaningSun.


Nanging saupama kowe lali marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, sarta ngetut-buri lan ngabekti sarta sujud nyembah marang allah liyane, ing dina iki kowe dakelingake, yen mesthi bakal padha tiwas;


Aja nganti padha srawungan karo para bangsa kang isih ana ing tengah-tengahmu, sarta aja nganggep marang jenenge para allahe utawa supata demi iku, lan iku aja padha kokbekteni utawa koksujudi.


He, anak-anakku, sing padha waspada marang sakehe brahala.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan