Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 6:13 - Kitab Sutji

13 Kowe wedi-asiha lan ngabektia marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan anggonmu sumpah iku demia asmane.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 6:13
29 Iomraidhean Croise  

supaya kowe sumpah demi Sang Yehuwah Allahe swarga lan bumi ana ngarepku kene, yen anakku ora bakal kokgolekake sisihan saka panunggalane bocah wadon anake wong Kanaan, kang tanahe dakenggoni iki,


Nanging Pangeran Yehuwah kang wus nuntun sira kabeh saka ing tanah Mesir kalawan kekiyatan kang gedhe, kalawan ngacungake astane, iku kang kudu sira bekteni, iku kang kudu sira sujudi lan sira sembah lan kang kudu sira caosi kurban,


kang nganggep asor marang kang ambek nistha, nanging ngajeni wong kang padha wedi asih marang Sang Yehuwah; kang ngantepi supatane, sanadyan kapitunan;


sami badhe kaulungaken dhateng ing pangwaosing pedhang tuwin badhe dados mangsanipun segawon ajag.


Sira aja nyebut nyawiyah asmaning Yehuwah Gusti Allahira, awitdene Pangeran Yehuwah mesthi mastani luput marang sadhengah wong kang nyawiyah marang asmane.


Nanging sira kudu ngabekti marang Pangeran Yehuwah Gusti Allahira, temah roti lan banyune bakal binerkahan lan Ingsun bakal ngedohake lelara saka ing tengahira.


Demi Ingsun piyambak Ingsun wus supaos, saka ing tutukingSun wus kalair kabeneran, pangandika kang ora bakal kaceled; sarta kabeh wong bakal padha sujud jengkeng ana ing ngarsaningSun sarta padha sumpah manawa bakal setya marang Ingsun, kanthi migunakake sakehing basa,


Rungokna pangandika iki, he para turune Yakub, kang ngarani awakira dhewe nganggo jeneng Israel lan kang padha dadi turune Yehuda, kang sumpah demi asmane Pengeran Yehuwah tuwin ngandhemi Gusti Allahe Israel – nanging ora kalawan temenan lan tulusing ati –


satemah wong kang arep oleh berkah ana ing nagara, bakal nyuwun berkah demi Allah kang setya, lan wong kang arep sumpah ana ing nagara bakal sumpah demi Allah kang setya sabab karupekan-karupekan kang biyen iku wus padha ora dielingi, sarta wus kaling-kalingan tumrap paningalingSun.”


Dene manawa padha sinau carane uripe umatingSun lan banjur ngucapake supata atas asmaningSun: Demi asmane Sang Yehuwah kang gesang, kaya nalikane padha mulang umatingSun supata demi Baal, bangsa iku bakal Sunbangun ana ing antaraning umatingSun.


Lan manawa sira nglairake supata klawan kasetyan, kaadilan lan kabeneran: Demi Sang Yehuwah kang gesang, para bangsa bakal padha berkah-binerkahan ana ing Panjenengane lan bakal padha gedhe atine marga saka Panjenengane.”


Sanadyan padha ngucap: “Demi Sang Yehuwah kang gesang,” ewadene supatane iku palsu.


Kapriye yen mangkono, apa Ingsun bisa ngapura iku? Anak-anakira wus padha nyingkur marang Ingsun, lan padha supata demi kang dudu allah. Sawuse Sunwaregi banjur padha laku bedhang, lan padha gegembyakan menyang ing pelonthen.


Sira aja sumpah goroh demi asmaningSun, supaya aja nyawiyah marang kasucening asmane Allahira; Ingsun iki Yehuwah.


Ing kono Gusti Yesus banjur ngandika marang Iblis: “Wis, lungaa, setan! Sabab ana tulisan mangkene: Pangeran Allahira kang kudu sira sembah lan Panjenengane Piyambak kang kudu sira abekteni.”


“Kowe wus padha krungu, yen para leluhur padha tampa pangandika mangkene: Aja nglairake sumpah palsu, nanging tetepana sumpahira ana ing ngarsaning Pangeran.


Nanging Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Ana tulisan mangkene: Pangeran Allahira, iku kang kudu sira sembah, sarta iya mung Panjenengane iku kang kudu sira abekteni!”


“Kang iku, he wong Israel, apa kang dadi pundhutane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, ora liya mung supaya kowe padha wedi-asiha marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lumakua ana ing dalan kang ditedahake, sarta tresnaa lan ngabektia marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging ati lan gumolonging nyawamu;


Wedi-asiha marang Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, ngabektia lan rumaketa marang Panjenengane, sarta anggonmu nglairake sumpah iya demia asmane.


Padha manuta lan wedi-asiha marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, padha netepana pepakene lan ngestokna dhawuhe, sarta padha ngabektia lan rumaketa marang Panjenengane.


Anadene nabi utawa wong olah impen mau kaukuma pati, marga ngajak murtad saka ing Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang wus ngentasake kowe saka ing tanah Mesir lan nebus saka ing pangawulan; karepe arep nasarake kowe saka ing dalan kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe supaya kokambaha. Kaya mangkono anggonmu kudu nyingkirake kang ala saka ing satengahmu.


Sira aja nyebut marang asmane Pangeran Yehuwah Allahira kalawan sawiyah-wiyah, awitdene Sang Yehuwah mesthi mastani luput saben wong kang nyebut asmane kalawan sawiyah-wiyah.


Bok iya tetepa anggone padha duwe bebuden mangkono iku yaiku, padha wedi-asih marang Ingsun sarta netepi pepakeningSun, supaya padha ginanjar slamet dalah anak-putune salawas-lawase.


supaya kowe wedi-asiha marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, netepana sakehe katetepan lan pepakene kang dakterusake marang kowe, iya kowe dalah anak-putumu sajegmu urip, supaya dawa umurmu.


Ingkang punika panjenengan mugi karsaa supaos atas asmanipun Sang Yehuwah, sarehning kula sampun nandukaken kasaenan dhumateng panjenengan, panjenengan ugi badhe males kasaenan dhateng kulawarga kula saha kula mugi panjenengan paringi pratandha ingkang kenging kapitados,


Aja nganti padha srawungan karo para bangsa kang isih ana ing tengah-tengahmu, sarta aja nganggep marang jenenge para allahe utawa supata demi iku, lan iku aja padha kokbekteni utawa koksujudi.


Kang iku ing samengko kowe padha wedi-asiha marang Pangeran Yehuwah lan ngabektia marang Panjenengane klawan tulus eklas lan setya, sarta padha ngedohna allah sesembahane para leluhurmu ana ing sabrange bengawan Efrat lan ing tanah Mesir, tuwin padha ngabektia marang Pangeran Yehuwah.


Nanging Sang Dawud matur maneh: “Ingkang rama temtu sampun uninga, bilih panjenengan remen dhateng kula. Mila panggalihipun: Yonatan aja nganti ngreti prakara iki, mengko mundhak sedhih atine; ewadene, demi Sang Yehuwah ingkang agesang, lan demi gesang panjenengan, antawisipun pejah kaliyan kula namung wonten sajangkah.”


Nabi Samuel nuli ngandika marang wong Israel saumat kabeh mangkene: “Manawa kowe padha mratobat marang Sang Yehuwah kalawan gumolonging atimu, nyingkirna para allah liyane lan para Asytoret saka ing tengahmu lan adhepna atimu marang Sang Yehuwah lan padha ngemungna ngabekti marang Sang Yehuwah; Panjenengane banjur bakal mitulungi kowe saka ing tangane wong Filisti.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan