Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 6:11 - Kitab Sutji

11 sarta omah-omah kang kebak isi dandanan warna-warna kang becik, mangka dudu kowe kang ngiseni; sarta sumur-sumur mangka dudu kowe kang ndhudhuk, apadene pakebonan anggur lan pakebonan jaitun kang dudu tanduranmu –, lan samangsa kowe wus mangan nganti wareg,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 6:11
14 Iomraidhean Croise  

Kitha-kitha ingkang santosa kaliyan tanah-tanah ingkang subur sadaya dipun rayud; griya-griya ingkang kebak isi barang dandosan sae, kulahan-kulahan tatahan, pakebonan anggur tuwin pakebonan jaitun, sarta karang kitri, ingkang cacahipun langkung dening kathah sami dipun rampasi. Sami nedha ngantos tuwuk lan dados lema saha ngraosaken kamukten, saking kamirahan Paduka ingkang ageng.


Padha diparingi negarane para bangsa, temah padha tampa oleh-olehane rekasane para bangsa,


sarta Panjenengane bakal maringi suket ana ing pangonan kanggo kewanmu, sarta kowe bakal bisa mangan nganti wareg.


nuli bani Lewi kang ora oleh panduman tanah-pusaka kaya kowe iku, apadene wong bangsa liya kang neneka, anak yatim sarta randha kang ana ing panggonanmu, iku bakal padha mara lan mangan nganti wareg; iku supaya kowe diberkahana dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu tumrap sakehe pagawean kang koktindakake.”


“Besuk samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus numpes bangsa-bangsa kang nagarane diparingake marang kowe dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, sarta kowe wus ngejegi wilayahe lan padha ngenggoni kutha-kuthane lan omah-omahe,


Yesyurun nuli dadi lemu, sarta nyepak-nyepak memburi, – kowe tambah lemu, mblenek lan gimblah-gimblah –, banjur ninggal marang Gusti Allah kang nitahake lan ngremehake gunung paranging karahayone.


Kaya mangkono anggone para leluhurira padha Sunparingi nagara, kang padha sira ebeki ora kalawan rekasa, lan kutha-kutha kang ora sira degake, nanging sira kang padha ngenggoni, apadene pakebonan anggur lan wit jaitun kang ora sira tandur, nanging sira kang padha mangan wohe.


Wong Israel padha nglakoni kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah lan padha lali marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe tuwin padha ngabekti marang para Baal lan para Asyera.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan