1 “Iki dhawuh, yaiku katetepan lan pranatan kang atas dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, dakwulangake marang kowe, supaya padha dilakoni ana ing nagara kang kokparani bakal kokejegi,
“Sira diprayitna ing bab sabarang kang wus Sundhawuhake marang sira: sira aja nyebut jenenge allah liyane, jenenge aja nganti keprungu saka ing cangkemira.
AbdiningSun Dawud kang bakal dadi rajane lan wong-wong mau kabeh bakal mung duwe pangon siji sarta lakune bakal manut miturut ing pranatan-pranataningSun lan bakal padha nglakoni katetepaningSun kalawan setya.
Iku mau wewaton lan pranatan kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang wong Israel lantaran Nabi Musa ana ing tanah ngare ing Moab, ing sabrange bengawan Yarden ing sacedhake Yerikho.
“Iki katetepan lan pranatan kang kudu padha koklakoni kalawan temen-temen ana ing nagara peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu marang kowe, supaya dadia darbekmu sajegmu urip ana ing donya iki.
Ing nalika iku kowe padha dakprentahi mangkene: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu wus maringake nagara iki marang kowe dadi duwekmu, nanging sapira panunggalanmu kang gagah prakosa, padha nyabranga kalawan sikep gegaman ana ing ngarepe para sadulurmu, wong Israel;
Sanyata, Panjenengane ngasihi marang umate, sakehe para abdine kang suci, – punika sami wonten ing pamengku Paduka saha sami ngadhep wonten ing ngarsaning sampeyan Paduka saha nampeni punapa-punapa saking pangandika Paduka.
“Mulane saiki, he wong Israel, padha ngrungokna katetepan lan pranatan kang dakwarahake marang kowe supaya padha koklakoni, temah kowe lestari urip sarta padha lumebu lan ngejegi nagara peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu, marang kowe.
Sarta ing nalika iku aku iya didhawuhi dening Sang Yehuwah mulangake katetepan lan pranatan, supaya iku padha koklakoni ana ing tanah kang bakal kokparani lan bakal kokejegi.
Elinga, kowe wus padha dakwarah bab katetepan lan pranatan kaya kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahku, marang aku, supaya padha nglakoni ana ing nagara kang kokparani lan kang bakal kokejegi.
Nanging sira ngadega ana ing kene karo Ingsun, sira bakal Sundhawuhi sekehe pepakon, katetepan lan pranatan, kang kudu sira wulangake marang wong-wong iku, supaya padha dilakoni ana ing tanah kang bakal Sunparingake dadi darbeke.
Kabeh dalan kang ditedahake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, iku ambahen, supaya kowe padha urip lan padha ginanjar slamet apadene dawa umurmu ana ing tanah kang bakal kokejegi.”
supaya kowe wedi-asiha marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, netepana sakehe katetepan lan pepakene kang dakterusake marang kowe, iya kowe dalah anak-putumu sajegmu urip, supaya dawa umurmu.