Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 5:5 - Kitab Sutji

5 – nalika iku aku kang ana ing antarane Sang Yehuwah karo kowe, prelu nglantarake dhawuh pangandikane Sang Yehuwah marang kowe, marga kowe padha wedi marang genine lan kowe ora munggah ing gunung –, pangandikane mangkene:

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 5:5
15 Iomraidhean Croise  

Priya-priya mau tumuli padha tindak saka ing kono murugi Sodom, nanging Rama Abraham isih tetep ngadeg ana ing ngarsane Sang Yehuwah.


Iya panjenengane iku kang nyingkirake tengger-tengger pangurbanan lan kang nggempuri tugu-tugu brahala, kang ngethoki saka-saka brahala sarta kang ngremuk ula tembaga damelane Nabi Musa, amarga nganti tumeka ing dina iku wong Israel pancen isih padha ngobong kurban kanggo ula iku; ula iku dijenengake Nehustan.


Mulane Pangeran ngandika bakal numpes para leluhur, yen ajaa Nabi Musa pepilihane, nengahi ana ing ngarsaning Pangeran, nyirep bebendune temah Panjenengane ora sida nyirnakake para leluhur.


Kacarita bareng dina kang katelune ing wayah bangun esuk, ing gunung ana gludhug lan bledheg sarta mendhung kang kandel, apadene swaraning kalasangka kang banter banget, temahan wong kang ana ing tarub padha giris kabeh.


Dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa: “Sira mudhuna, bangsa iku elingna, aja ana kang mbrobos ing pager nyedhaki Pangeran Yehuwah arep ndedeleng, sabab mesthi akeh kang bakal padha tiwas.


Nabi Musa banjur mandhap marani bangsa mau, padha didhawuhi mangkono iku.


Wong kang ngereh bakal jumedhul saka ing antarane wong-wong iku dhewe lan wong kang ngwasani bakal muncul saka ing tengahe; Ingsun bakal damel bisa seba wong iku, lan cedhak kalawan Ingsun. Amarga sapa kang wani ngetohake nyawane supaya cedhak kalawan Ingsun? Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


Bareng Imam Harun jumeneng ana ing antarane wong kang wus mati lan kang isih urip, wewelake leren.


Lha yen mangkono apa tegese angger-anggering Toret iku? Iku ditambahake awit saka anane panerak-panerak nganti rawuhe turun kang dikarepake ing prasetya iku – lan angger-anggering Toret iku kaparingake lumantar malaekat-malaekat marang astane sawijining pantara.


Panjenengan kula aturi sowan nyelak saha midhangetaken sadaya ingkang badhe kadhawuhaken dening Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, saha panjenengan ingkang nglajengaken dhateng kula, sadaya ingkang dipun pangandikakaken dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, dhateng panjenengan, tumunten badhe sami kula pirengaken saha kula lampahi.


Sabab Sang Kristus ora mlebet ing sajroning pasucen gaweaning tangane manungsa kang mung dadi gegambarane kang sejati, nanging mlebet ing swarga piyambak prelu sowan ing ngarsane Gusti Allah kanggo kapreluan kita.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan