Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 5:32 - Kitab Sutji

32 Kang iku kowe padha nglakonana apa sadhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe iku kalawan tumemen, sarta aja nyimpang mangiwa utawa manengen.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 5:32
26 Iomraidhean Croise  

sarta pranatan-pranatan, tatanan-tatanan, angger-angger lan dhawuh-dhawuh kang wus diserat kanggo sira kabeh, iku padha sira gatekna tuwin tansah padha sira lakonana kalawan setya, apadene aja padha ngabekti marang allah liyane.


Ingsun ora bakal marengake maneh bangsa Israel kagawa metu saka ing tanah kang wus Sunparingake marang para leluhure, anggere padha tetep nglakoni apa kang wus Sundhawuhake marang dheweke lumantar abdiningSun Musa.”


Panjenengane nglampahi apa kang bener ana ing paningaling Pangeran Yehuwah sarta sugenge kaya Sang Prabu Dawud, leluhure, lan ora nyimpang menengen utawa mangiwa.


Nanging tiyang-tiyang ingkang nyleweng dhateng ing margi ingkang menggak-menggok, mugi sami katundhunga dening Pangeran Yehuwah sareng kaliyan tiyang-tiyang ingkang sami nindakaken piawon. Tentrem rahayu tumrapa marang Israel!


Lan malih abdi Paduka dipun engetaken dening punika wau sadaya, sarta tiyang ingkang netepi tampi ganjaran ageng.


Kawula sami boten badhe nyleweng saking Paduka, kawula mugi Paduka gesangi, satemah sami badhe nyebut ngluhuraken asma Paduka.


amarga umur dawa lan urip nganti tuwa, apadene katentreman bakal kawuwuhake marang kowe.


Aja menggok mangiwa utawa manengen, sikilmu edohna saka ing piala.


sarta kupingmu bakal krungu saka ing burimu pitembungan mangkene: “Iki dalane, lumakua ing kene,” embuh kowe lumaku manengen apa mangiwa.


Ingsun iki Yehuwah Allahira. Padha lumakua manut ing katetepaningSun sarta padha nindakna pranataningSun kalawan setya,


AbdiningSun Dawud kang bakal dadi rajane lan wong-wong mau kabeh bakal mung duwe pangon siji sarta lakune bakal manut miturut ing pranatan-pranataningSun lan bakal padha nglakoni katetepaningSun kalawan setya.


kowe padha nglakonana sakehe katetepan lan pranatan kang dakluntakake marang kowe ing dina iki.”


Kabeh kang dakprentahake marang kowe iku padha lakonana kalawan temen-temen, aja kokwuwuhi lan iya aja kokkurangi.


Kowe tumindaka manut pituduh kang diwenehake marang kowe lan manut putusan kang dikandhakake marang kowe; aja nganti nyimpang mangiwa utawa manengen saka putusan kang diwenehake marang kowe.


supaya aja nganti ngluhurake awake dhewe ngungkuli para sadulure, aja nyleweng saka pepakon, manengen utawa mangiwa, supaya suwe anggone mrentah, iya dheweke dhewe lan anak-putune ana ing satengahe wong Israel.”


Diprayitna ing bab lelara saraat, dienggal tindakna sakehing piwulange para imam bani Lewi marang kowe; apa kang wus dakprentahake marang para imam, iku lakonana kanthi temen-temen.


apadene manawa kowe ora nyleweng manengen utawa mangiwa saka ing sakehe dhawuh kang dakluntakake marang kowe ing dina iki, yaiku ngetutburi allah liyane lan ngabekti marang iku.”


sarta nagarane padha kita rebut, kita wenehake marang wong Ruben, marang wong Gad lan marang separone taler manasye dadi tanah-pusaka.


Prentahe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku padha tetepana, mangkono uga pepenget lan katetepane kang wus didhawuhake marang kowe;


Dene manawa kita padha nglakoni sakehe pepakon iku kalawan temen-temen ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, kaya anggon kita padha didhawuhi, iku bakal kaetung dadi kabeneran kita.”


Mulane, he Israel, padha ngrungokna! Iku kabeh padha lakonana kalawan temen-temen, supaya kowe padha ginanjar slamet lan supaya padha tangkar-tumangkar, kaya kang wus dijanjekake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu, marang kowe ana ing tanah kang luber puwan lan madu.


“Sakehe pepakon, kang dakprentahake marang kowe ing dina iki, iku padha lakonana kalawan temen-temen, supaya kowe padha lestari urip lan tangkar-tumangkar, sarta padha bisa lumebu sarta ngejegi nagara kang wus diprasetyakake dening Sang Yehuwah kalawan supaos marang para leluhurmu.


Mung bae sira disantosa lan diteguh, tumindaka kalawan ngati-ati condhong karo angger-angger kang wus diprentahake abdiningSun Musa marang sira, aja nyleweng ngiwa utawa nengen saka iku, supaya sira oleh kabegjan menyanga ngendi bae paranira.


Kang iku kowe padha dipanggah anggonmu netepi lan nglakoni sakabehe kang katulisan ana ing kitab angger-anggere Nabi Musa, supaya aja nganti nyimpang mangiwa utawa manengen.


Jalaran saka iku luwih becik padha ora tau nyumurupi dalaning kayekten, katimbang karo sawise sumurup banjur mungkur ninggal ing pepakon suci kang wis kadhawuhake marang wong-wong mau.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan