Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 5:31 - Kitab Sutji

31 Nanging sira ngadega ana ing kene karo Ingsun, sira bakal Sundhawuhi sekehe pepakon, katetepan lan pranatan, kang kudu sira wulangake marang wong-wong iku, supaya padha dilakoni ana ing tanah kang bakal Sunparingake dadi darbeke.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 5:31
15 Iomraidhean Croise  

sarta pranatan-pranatan, tatanan-tatanan, angger-angger lan dhawuh-dhawuh kang wus diserat kanggo sira kabeh, iku padha sira gatekna tuwin tansah padha sira lakonana kalawan setya, apadene aja padha ngabekti marang allah liyane.


Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Sira munggaha ing gunung sowan marang ing ngarsaningSun, lan tetepa ana ing kono, nuli sira bakal Sunparingi papan watu, kang wus Sunserati angger-angger lan pepakon, supaya sira wulangna marang wong-wong iku.”


Nabi Musa tumuli lumebet ing satengahe mega sarta minggah ing ndhuwur gunung; dene Nabi Musa anggone ana ing ndhuwur gunung iku lawase patang puluh dina patang puluh bengi.


Ana ing kana Sunparingi sumurup bab katetepan-katetepaningSun lan paring uninga bab pranatan-pranataningSun, anadene wong kang nindakake iku bakal urip.


Padha elinga marang Toret kang wus Sundhawuhake marang Musa, abdiningSun, nalika ana ing gunung Horeb, supaya kawartakna marang Israel kabeh, yaiku pranatan-pranatan lan pepakon-pepakon.


Lha yen mangkono apa tegese angger-anggering Toret iku? Iku ditambahake awit saka anane panerak-panerak nganti rawuhe turun kang dikarepake ing prasetya iku – lan angger-anggering Toret iku kaparingake lumantar malaekat-malaekat marang astane sawijining pantara.


“Kowe kudu padha tresna marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan netepana apa kang dadi kuwajibanmu marang Panjenengane kanthi temen-temen, yaiku sakehe katetepane, pranatane lan pepakene.


“Iki katetepan lan pranatan kang kudu padha koklakoni kalawan temen-temen ana ing nagara peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu marang kowe, supaya dadia darbekmu sajegmu urip ana ing donya iki.


Ing nalika iku kowe padha dakprentahi mangkene: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu wus maringake nagara iki marang kowe dadi duwekmu, nanging sapira panunggalanmu kang gagah prakosa, padha nyabranga kalawan sikep gegaman ana ing ngarepe para sadulurmu, wong Israel;


“Mulane saiki, he wong Israel, padha ngrungokna katetepan lan pranatan kang dakwarahake marang kowe supaya padha koklakoni, temah kowe lestari urip sarta padha lumebu lan ngejegi nagara peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu, marang kowe.


Iki pepeling lan katetepan sarta pranatan kang diparingake dening Nabi Musa marang wong Israel nalika padha lumaku metu saka ing tanah Mesir;


Elinga, kowe wus padha dakwarah bab katetepan lan pranatan kaya kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahku, marang aku, supaya padha nglakoni ana ing nagara kang kokparani lan kang bakal kokejegi.


Nabi Musa banjur nimbali nglumpuk wong Israel kabeh sarta padha didhawuhi: “He wong Israel, padha ngrungokna katetepan lan pranatan kang dakgelarake marang kowe ing dina iki, supaya padha kokpindeng lan koklakoni kalawan setya.


Sira mangkata lan tutura marang wong-wong iku: Padha balia menyang tarubmu.


“Iki dhawuh, yaiku katetepan lan pranatan kang atas dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, dakwulangake marang kowe, supaya padha dilakoni ana ing nagara kang kokparani bakal kokejegi,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan