3 ora karo para leluhur kita anggone Sang Yehuwah damel prasetyan iku, nanging karo kita, iya kita, kang ana ing kene ing dina iki, kita kabeh kang isih padha urip.
karodene Ingsun bakal nganakake prajanjian ing antarane Ingsun kalawan sira saturunira nganti turun-tumurun dadi prasetyan kang langgeng, supaya Ingsun dadi Allahira lan Allahe turunira.
ora kaya prajanjian kang Sundamel karo leluhure, nalika Ingsun nganthi tangane, ing wektu ngentasake para wong iku saka ing tanah Mesir; prajanjian iku wus diselaki; sanadyan Ingsun jumeneng Gusti, kang nguwasani wong-wong iku, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –.
“Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel: Ingsun piyambak wus damel prajanjian kalawan para leluhurira, ing nalika padha Sunentasake saka ing tanah Mesir, saka ing tanah pangawulan, isine:
Awit Aku pitutur satemene marang kowe: Akeh para nabi lan wong mursid kang padha kapengin ndeleng apa kang padha kokdeleng, nanging ora kalakon ndeleng, lan padha kapengin krungu apa kang kokrungu, nanging ora kalakon krungu.
Iki surasane prajanjian kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa, supaya kadhawuhna marang wong Israel ana ing tanah Moab, kajaba prajanjian kang wus kaanakake kalawan wong-wong mau ana ing gunung Horeb.