PANGANDHARING TORET 5:25 - Kitab Sutji25 Nanging sapunika kados pundi, punapaa dene kula kok kedah nemahi pejah. Awitdene latu ageng punika temtu badhe mangsa kula sadaya; manawi kula ngantosa kedangon anggen kula sami mireng sabdanipun Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, saestu kula sami badhe pejah. Faic an caibideil |
sarta padha matur: Saestu, Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, sampun ngatingalaken kamulyan lan kaluhuranipun dhateng kita, sarta kita sampun sami mireng sabdanipun saking ing satengahing latu. Ing dinten punika kula sampun sami nekseni, bilih wonten manungsa ingkang dipun pangandikani dening Gusti Allah, mangka kok saged lestantun gesang.