Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 5:21 - Kitab Sutji

21 Sira aja melik bojone pepadhanira, sira aja melik omahe pepadhanira, utawa pategalane lan bature lanang utawa wadon, sapine utawa kuldine, lan sadhengah apa bae kang dadi duweke pepadhanira.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 5:21
12 Iomraidhean Croise  

Nuju ing sawiji dina ing wayah sore, nalika Sang Prabu wungu saka pasareane, banjur ameng-ameng ana ing payoning kadhaton; saka ing kono katon ana wong wadon lagi adus; wong wadon iku ayu banget warnane.


Manawa atiku katarik marang wong wadon, sarta aku ngadhang ana ing lawanging pepadhaku,


Sira aja melik marang omahe pepadhanira; sira aja melik marang somahe pepadhanira, utawa bature lanang lan wadon, sapine utawa kuldine, lan apa bae kang dadi duweke pepadhanira.”


Aja kayungyun marang ayune ing sajroning atimu, aja nganti ketarik dening idepe.


kang manawa melik pategalan, iya tumuli ngrebut, lan omah-omah, iya banjur disrobot bae, kang ngroda-peksa wong dalah saisine omahe wong satanah-pusakane.


Bilai wong kang ngarah bathi kang ora kakal kanggo kaperluaning brayate; sumedya mrenahake susuhe ana ing papan kang dhuwur, supaya bisa oncat saka ing cangkeremaning bilai.


Banjur ngandika marang wong akeh: “Sing padha awas, wekanana sakabehing budi kethaha, sabab sanadyan wong duwe bandha nganti akeh banget, uripe wong iku ora gumantung marang kasugihane iku.”


Awit pangandika: aja laku jina, aja memateni, aja nyenyolong, aja melik, sarta sadhengaha pangandika liyane iku wus kacakup ana ing pangandika iki, yaiku: Tresnaa marang sapepadhanira dikaya marang awakira dhewe!


Kowe aja padha karem bandha sarta padha marema ing saanane. Awit Gusti Allah wus ngandika: “Ingsun ora bakal negakake sira lan sira ora pisan-pisan bakal Suntilar.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan