Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 5:20 - Kitab Sutji

20 Sira aja nglairake paseksi goroh tumrap pepadhanira.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 5:20
9 Iomraidhean Croise  

Sawuse mangkono banjur ana wong loro kang teka, yaiku wong dursila, kang lungguh arep-arepan karo Nabot. Wong dursila loro iku nuli nggugatake Nabot ana ing ngarepe rakyat, pangucape: “Nabot punika sampun ngawon-awon Gusti Allah kaliyan Sang Prabu.” Sawuse iku Nabot didhabyang menyang ing sajabaning kutha nuli dibenturi watu nganti mati.


Sira aja ngucapake paseksi goroh tumrap pepadhanira.


“Sira aja nyebar kabar goroh. Aja mbiyantu wong kang luput lan gelem dadi seksi rerekan.


Seksi goroh mesthi bakal nampani paukuman, sarta wong kang ngucapake cidra ora bakal oncat saka ing paukuman.


Seksi goroh mesthi bakal nampani paukuman, sarta kang ngucapake cidra bakal sirna.


seksi palsu, kang ngucapake ujar pagorohan, sarta kang njalari ecrahe sadulur.


Ingsun bakal nyelaki sira kabeh prelu ngasta pangadilan lan jumeneng dadi seksi kang maju nglawan marang para juru tenung lan para wong laku bandrek, sarta marang wong-wong kang nglairake sumpah palsu, tuwin marang wong kang nindhes para buruh opahan, para randha lan bocah lola, apadene kang nundhung wong ngamanca, tanpa duwe rasa wedi marang ingsun. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi.


Unjuke wong mau: “Pepaken ingkang pundi?” Paring wangsulane Gusti Yesus: “Sira aja memateni, sira aja laku jina, sira aja nyenyolong, sira aja ngucapake paseksi goroh.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan