Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 5:2 - Kitab Sutji

2 Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, wus damel prasetyan karo kita ana ing gunung Horeb;

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 5:2
16 Iomraidhean Croise  

Pangeran Yehuwah wus nganakake prajanjian karo para turune Rama Yakub iku lan wus padha diparingi dhawuh: “Sira aja padha ngabekti marang allah liyane, sira aja padha sujud nyembah marang iku, sira aja padha ngibadah marang iku lan aja padha misungsung kurban marang iku.


Bareng sasi katelune saangkate wong Israel saka ing tanah Mesir, tekan ing pasamunane gunung Sinai tanggale padha karo nalika budhale.


Nabi Musa tumuli mundhut getih mau sarta dikepyurake marang bangsa iku kalawan ngandika: “Lah iki getihing prajanjian kang dianakake dening Sang Yehuwah karo kowe kabeh, adhedhasar sakehe pangandika mau.”


Pangeran Yehuwah tumuli ngandika: “Lah Ingsun nganakake prajanjian. Ana ing ngarepe bangsanira kabeh, Ingsun bakal nindakake kaelokan kang durung tau kelakon ana ing salumahing bumi ing satengahe sakehe bangsa; temah bangsanira kabeh bakal padha nyipati pakaryaning Yehuwah, awitdene apa kang bakal Suntindakake marang sira iku nyata-nyata nggegirisi.


kang wus Sundhawuhake marang leluhurira, nalika Sunluwari saka ing tanah Mesir, saka ing pawon pangleburan wesi, kanthi pangandika mangkene: Rungokna dhawuhingSun lan lakonana kabeh kang Sundhawuhake marang sira, temah sira bakal dadi umatingSun lan Ingsun dadi Allahira,


ora kaya prajanjian kang Sundamel karo leluhure, nalika Ingsun nganthi tangane, ing wektu ngentasake para wong iku saka ing tanah Mesir; prajanjian iku wus diselaki; sanadyan Ingsun jumeneng Gusti, kang nguwasani wong-wong iku, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –.


“Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel: Ingsun piyambak wus damel prajanjian kalawan para leluhurira, ing nalika padha Sunentasake saka ing tanah Mesir, saka ing tanah pangawulan, isine:


Padha elinga marang Toret kang wus Sundhawuhake marang Musa, abdiningSun, nalika ana ing gunung Horeb, supaya kawartakna marang Israel kabeh, yaiku pranatan-pranatan lan pepakon-pepakon.


“Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita ndhawuhi kita ana ing gunung Horeb, sabdane: Wus cukup anggonira padha nginep ana ing gunung kene;


Iki surasane prajanjian kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa, supaya kadhawuhna marang wong Israel ana ing tanah Moab, kajaba prajanjian kang wus kaanakake kalawan wong-wong mau ana ing gunung Horeb.


Kowe padha diparingi sumurup prasetyane, kang kadhawuhake supaya koklakoni, yaiku Pangandika Sapuluh kang tumuli kaserat ing papan watu loro.


Dieling, aja nganti lali marang prasetyane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang wus didamel kalawan kowe; aja nganti kowe gawe reca kang awujud apa bae, kang dadi wewalere Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, ora kepareng kokgawe.


Nabi Musa banjur nimbali nglumpuk wong Israel kabeh sarta padha didhawuhi: “He wong Israel, padha ngrungokna katetepan lan pranatan kang dakgelarake marang kowe ing dina iki, supaya padha kokpindeng lan koklakoni kalawan setya.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan