Sapa kang ngwutahake getihing manungsa, iku mesthi diwutahake getihe dening manungsa, awitdene Gusti Allah anggone akarya manungsa iku kang tinulad pasemone pribadi.
Unjuke wong mau: “Pepaken ingkang pundi?” Paring wangsulane Gusti Yesus: “Sira aja memateni, sira aja laku jina, sira aja nyenyolong, sira aja ngucapake paseksi goroh.
Kowe mesthine wis sumurup pepakon: Sira aja memateni, aja laku jina, aja nyenyolong, aja ngucapake paseksi goroh, aja gawe pituna marang wong; sira ngajenana bapa-biyungira!”
Awit pangandika: aja laku jina, aja memateni, aja nyenyolong, aja melik, sarta sadhengaha pangandika liyane iku wus kacakup ana ing pangandika iki, yaiku: Tresnaa marang sapepadhanira dikaya marang awakira dhewe!
Jalaran Panjenengane kang ngandika: “Sira aja laku bedhang,” iku uga ngandika: “Sira aja memateni.” Dadi sanadyan kowe ora laku bedhang, nanging gawe pepati, iku kowe uga dadi wong kang nerak ing angger-angger.