Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 5:14 - Kitab Sutji

14 nanging dina kapitu iku Sabate Pangeran Yehuwah, Allahira; mulane sira aja nyambutgawe, iya sira, iya anakira lanang lan wadon, iya baturira lanang lan wadon, dalasan sapinira utawa kuldinira sarta sadhengah kewanira, utawa bangsa liya kang ana ing sajroning wewengkonira, supaya baturira lanang lan wadon iya bisaa ngaso kaya sira.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 5:14
13 Iomraidhean Croise  

Ing dina kang kapitu bareng Gusti Allah wus mungkasi pakaryane anggone yeyasa, ing dina kang kapitu banjur kendel anggone karya samubarang kang wus kayasa iku.


Ing wektu iku aku weruh ing tanah Yehuda ana wong kang padha ngiles-iles pamipitan anggur ing dina Sabat, uga wong kang padha nggawa gedhengan-gedhengan gandum, diemotake ing kuldi, apadene anggur, woh anggur tuwin woh anjir sarta momotan rupa-rupa kang digawa lumebu ing kutha Yerusalem ing dina Sabat. Wong mau nalika pinuju adol bahan pangan, padha dakelingake.


Uga wong Tirus kang manggon ing kono, padha nggawa iwak loh lan dagangan rupa-rupa diedol ing dina Sabat marang wong Yehuda, tur ana ing Yerusalem.


Iku nuli dakwelehake lan dakkandhani: “Yagene kowe padha nginep ing ngarepe balowarti. Manawa kowe tumindak mangkono maneh mesthi kowe padha dakcekel.” Wiwit nalika iku padha ora teka maneh ing dina Sabat.


Lah, sanadyan kula punika tunggil kulit daging kaliyan para sadherek sabangsa, lan anak-anak kula sami kaliyan anak-anakipun, ewadene kula kapeksa kendel kemawon para anak kula jaler lan estri sami dados abdi, malah anak kula estri wonten sawatawis ingkang kapeksa dados darbekipun tiyang. Kula sami boten saged tumindak punapa-punapa, amargi pasiten saha pakebonan anggur kula sampun dhumawah ing tanganipun tiyang sanes.”


Nem dina sira nglakonana pagaweanira, nanging ing dina kapitu sira lerena, supaya sapi lan kuldinira padha bisa aso; lan supaya anake baturira lan wong kang neneka padha leren.”


Nem dina wong padha nyambuta gawe, nanging dina kapitu iku sabat, dina kanggo ngaso babar pisan, yaiku dina masamuwan suci; sira aja padha nglakoni pagawean apa-apa; iku sabat kagem Sang Yehuwah ana ing sakehe papan panggonanira.


Banjur ngandika maneh: “Dina Sabat iku dianakake kanggo manungsa, ora kok manungsa kanggo dina Sabat,


Saulihe banjur padha nyawisake anggi-anggi lan lenga jebad. Dene ing dina Sabat padha leren, netepi ing angger-angger.


Nem dina sira nyambuta gawe sarta nglakonana sapagaweanira kabeh,


Amarga bab dina kapitu iku wus tau kapangandikakake ana ing sawijining nas: “Lan ing dina kapitu Gusti Allah kendel saka pakaryane kabeh.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan