Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 5:12 - Kitab Sutji

12 Sira tansah elinga marang dina Sabat, sarta iku sira sucekna, kaya kang wus didhawuhake Pangeran Yehuwah, Allahira, marang sira.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 5:12
11 Iomraidhean Croise  

Ing wektu iku aku weruh ing tanah Yehuda ana wong kang padha ngiles-iles pamipitan anggur ing dina Sabat, uga wong kang padha nggawa gedhengan-gedhengan gandum, diemotake ing kuldi, apadene anggur, woh anggur tuwin woh anjir sarta momotan rupa-rupa kang digawa lumebu ing kutha Yerusalem ing dina Sabat. Wong mau nalika pinuju adol bahan pangan, padha dakelingake.


Pangandikane Nabi Musa marang wong mau: “Iya iku kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah: Sesuk iku dina libur babar pisan, iya sabat sesengkeraning Pangeran Yehuwah, roti kang arep kokbakar, bakaren, kang arep kokolah, olahen, turahane kabeh simpenen kanggo tandhon esuke.”


Mangkono dadine wong akeh padha ngaso ing dina kapitu.


“Sira mratelakna pangandikaningSun marang wong Israel, mangkene: Poma sira padha netepana dina-dina SabatingSun, awit iku minangka pratandha ana ing antarane Ingsun lan sira, nganti turun-tumurun, supaya sira sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah, kang nucekake sira kabeh.


Nem dina wong padha nindakna pagawean, nanging dina kapitu iku sabat, dina ngaso babarpisan, dina suci kagem Pangeran Yehuwah; sing sapa nindakake pagawean ing dina Sabat, iku kudu kaukum pati.


Anadene para wong bangsa liyan kang rumaket marang Pangeran Yehuwah prelu ngladosi Panjenengane, lan nresnani asmaning Sang Yehuwah sarta sumedya ngabdi marang Panjenengane, kabeh kang netepi dina Sabat lan ora najisake, tuwin kang gondhelan marang prajanjianingSun,


Manawa sira ora nyawiyah pranataning Sabat lan ora nindakake pagaweanira ing dinaningSun kang suci; manawa sira ngarani dina Sabat “dina kanikmatan”, lan dinaning Pangeran Yehuwah kang suci “dina kang mulya”; manawa sira ngajeni dina iku sarana ora nindakake sakehing pagaweanira sarta ora ngurus urusanira utawa ora omong-omong kang tanpa guna,


Aja nggawa barang metu saka ing omahira ing dina Sabat lan aja nglakoni pagawean apa bae, nanging dina Sabat iku sira sucekna kaya kang wus Sundhawuhake marang leluhurira.


Banjur ngandika maneh: “Dina Sabat iku dianakake kanggo manungsa, ora kok manungsa kanggo dina Sabat,


Nem dina sira nyambuta gawe sarta nglakonana sapagaweanira kabeh,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan