PANGANDHARING TORET 5:1 - Kitab Sutji1 Nabi Musa banjur nimbali nglumpuk wong Israel kabeh sarta padha didhawuhi: “He wong Israel, padha ngrungokna katetepan lan pranatan kang dakgelarake marang kowe ing dina iki, supaya padha kokpindeng lan koklakoni kalawan setya. Faic an caibideil |
pangandikane: “Manawa sira padha ngrungokake marang dhawuhing Pangeran Yehuwah Gusti Allahira kanthi temen-temen, lan nglakoni apa kang bener ana ing paningale, sarta nilingake kupingira marang dhawuhe, apadene tansah nindakake sakehe katetepane, mesthi sira ora bakal Sunganjar sadhengah lelara kang wus Suntandukake marang wong Mesir, awitdene Ingsun iki Yehuwah kang nyarasake sira.”