Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 4:9 - Kitab Sutji

9 Nanging diprayitna lan dingati-ati, supaya kowe aja nganti lali marang lelakon kang wus padha koksipati kalawan mripatmu dhewe, lan aja nganti ilang saka ing atimu sajegmu urip; malah iku kabeh padha critakna marang anak-putumu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 4:9
47 Iomraidhean Croise  

Marga wus Sunpilih supaya mrentahana marang anak-anake lan tedhak-turune amrih padha ngambaha margine Sang Yehuwah, sarta nglakoni kabeneran lan kaadilan, supaya Sang Yehuwah maringana marang Abraham apa kang wus diprasetyakake.”


Janji Paduka kawula simpen ing salebeting manah, supados kawula sampun ngantos damel dosa dhumateng Paduka.


dhuh Allah, ngantosa kawula sepuh sarta uwanen, kawula mugi sampun ngantos Paduka tilar, supados kawula saged nyriyosaken pangwaos Paduka dhumateng para turun samangke, sarta kasantosan Paduka dhateng sakathahipun tiyang ingkang badhe dhateng.


Sarta supaya sira bisa nyaritakake marang anak-putunira apa kang wus Suntindakake marang wong Mesir, lan sakehe pratandha kang Suntindakake ana ing antarane, supaya sira padha sumurupa manawa Ingsun iki Yehuwah.”


“Sira diprayitna ing bab sabarang kang wus Sundhawuhake marang sira: sira aja nyebut jenenge allah liyane, jenenge aja nganti keprungu saka ing cangkemira.


He anakku, ngrungokna marang pamerdine bapakmu, lan aja ninggal piwulange ibumu;


He anakku, atimu wenehna marang aku, sarta mripatmu cikben seneng marang dalan-dalanku.


He anakku, panglimbang lan kawicaksanan aja nganti sumingkir saka ing ngarepmu, iku simpenen,


He anakku, estokna pituturku, sarta pepakonku simpenen ing atimu.


Nanging namung tiyang ingkang gesang, punika ingkang ngunjukaken panuwun dhumateng Paduka, kados kawula ing dinten punika; bapa badhe suka sumerep bab kasetyan Paduka dhateng anak-anakipun.


Sira ndeleng prakara akeh, nanging ora nggatekake, sira ngengklengake kuping, nanging ora krungu.


Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah: Sira padha diprayitna demi nyawanira! Aja memikul ing dina Sabat lan nggegawa iku ngliwati gapura-gapurane Yerusalem!


Awit saka iku, patrapmu ngrungokake iku gatekna. Amarga sapa kang duwe iku bakal kaparingan, nanging sing sapa ora duwe, iku bakal kapundhutan dalah apa kang kanyana duweke.”


Lan kowe para bapa, aja padha gawe seriking atine anak-anakmu, nanging gulawenthahen ing bab piwulang lan pepeling kang saka ing Gusti.


Padha wulangna marang anak-anakmu, karembuga manawa lagi padha lungguhan ana ing omahmu, manawa mbeneri lumaku ana ing dalan, manawa lagi turon lan manawa tangi;


“Iki katetepan lan pranatan kang kudu padha koklakoni kalawan temen-temen ana ing nagara peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu marang kowe, supaya dadia darbekmu sajegmu urip ana ing donya iki.


Aja padha mangan sadhengah apa kang mawa ragi; pitung dina anggonmu kudu mangan roti tanpa ragi, yaiku rotining kasangsaran, marga kalawan kesusu anggonmu budhal saka ing tanah Mesir. Iku supaya sajegmu urip kowe elinga ing dina budhalmu saka ing tanah Mesir.


Iku tansah anaa ing sandhinge, sarta diwaosa ing salawase sugenge, supaya sianua wedi-asih marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, netepi lan nglampahi angger-angger lan pranatan iki kabeh,


Prakara kang samar iku karegem ing Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, nanging apa kang wus kalairake iku kanggo kita lan anak-putu kita ing salawas-lawase, supaya kita padha ngestokna sakehe pangandikaning angger-anggere.”


Mulane kidung iku tulisana lan banjur wulangna marang wong Israel, isekna ing cangkeme, supaya kidung iki dadia seksiningSun tumrap wong Israel.


banjur mangandikani mangkene: “Kowe padha nggatekna apa kang wus dakpituturake marang kowe ing dina iki, supaya kokprentahake marang anak-anakmu, padha konen nglakoni kanthi temen-temen sakehe pangandikane angger-anggering Toret iki.


Yaiku ing nalikane kowe padha ngadeg ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu ana ing gunung Horeb, nalika Sang Yehuwah ngandika marang aku: Wong-wong padha klumpukna ana ing ngarsaningSun, supaya padha ngrungokake sakehe pangandikaningSun, temah padha wedi-asih marang Ingsun sajege urip ana ing bumi lan padha mulangake iku marang anak-anake.


Mulane dingati-ati, – marga kowe ora ndeleng rerupan apa-apa ing kalane Sang Yehuwah mangandikani kowe ana ing gunung Horeb saka ing satengahe geni –,


Dieling, aja nganti lali marang prasetyane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang wus didamel kalawan kowe; aja nganti kowe gawe reca kang awujud apa bae, kang dadi wewalere Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, ora kepareng kokgawe.


nuli dingati-ati aja nganti lali marang Sang Yehuwah kang wus ngentasake kowe saka ing tanah Mesir, saka ing pangawulan.


supaya kowe wedi-asiha marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, netepana sakehe katetepan lan pepakene kang dakterusake marang kowe, iya kowe dalah anak-putumu sajegmu urip, supaya dawa umurmu.


Ing tembe manawa anakmu takon marang kowe: Menggah pepenget saha katetepan tuwin pranatan ingkang kadhawuhaken dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, dhateng panjenengan, punika kados pundi?,


lan padha wulangna bola-bali marang anak-anakmu lan rembugen samangsa kowe lagi lungguhan ana ing omahmu, samangsa kowe pinuju lelungan lan samangsa lagi turon utawa samangsa kowe tangi.


Dingati-ati, aja nganti lali marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, nganti ora netepi pepakene, pranatane lan katetepane kang dakluntakake marang kowe ing dina iki;


atimu aja nganti gumunggung, temah lali marang Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, kang wus ngentasake kowe saka ing tanah Mesir, saka ing omah pangawulan;


Marga saka iku kita kudu luwih tliti anggon kita nggatekake apa kang wus kita rungu, supaya kita ora kentir katut ilining banyu.


kapriye anggon kita akal oncat, manawa kita ora maelu marang karahayon kang samono gedhene iku, kang wiwitane diundhangake marang kita dening Gusti, lan dening kang padha ngrungokake kalawan patrap kang kena dipracaya,


Kowe padha sumurup, manawa pracaya iku tumindak bebarengan karo panggawe, sarta marga saka panggawe iku pracaya dadi sampurna.


Sok sintena ingkang mbangkang dhateng dhawuh panjenengan, sarta boten manut dhateng dhawuh panjenengan ing bab samukawis ingkang panjenengan prentahaken punika, punika kadhawahana paukuman pejah. Namung panjenengan mugi ingkang teguh tuwin tatag ing panggalih.”


Kang iku dipadha mantep anggonmu padha asih marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu kang marga saka nyawamu.


lan banjur ngandika marang wong Israel: “Manawa besuk anak-anakmu padha takon marang bapakne, apa tegese watu-watu iki,


Kang iku sira elinga, kapriye anggonira nampani lan krungu; iku tetepana lan mratobata! Jalaran manawa sira ora jumaga, Ingsun bakal ngrawuhi sira kaya maling, sarta sira ora bakal sumurup wayah apa anggoningSun ngrawuhi sira.


Wong Israel padha nglakoni kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah lan padha lali marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe tuwin padha ngabekti marang para Baal lan para Asyera.


Wong Israel padhal ora eling marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe, kang wus ngluwari saka ing pamengkune sakehing mungsuhe ing sakubenge.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan