Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 4:6 - Kitab Sutji

6 Mulane iku padha lakonana kalawan setya, awitdene iku kang bakal dadi kawicaksananmu lan kaluwihaning budimu ana ing ngarepe para bangsa, kang samangsa krungu sakehe katetepan iku, bakal celathu: Bangsa gelengan gedhe iki pancen bangsa kang wicaksana lan limpad ing budi.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 4:6
27 Iomraidhean Croise  

Wong-wong saka sakehing bangsa padha sowan ngrungokake bab kawicaksanane Sang Prabu Suleman, apamaneh Sang Prabu kacaosan bulubekti dening para raja ing bumi, kang wus padha mireng bab kawicaksanane iku.


nanging marang manungsa pangandikane: Lah pangabekti marang Pangeran iku kawicaksanan sarta nyingkiri piala iku akal-budi.”


Pangabekti marang Pangeran Yehuwah iku wiwitaning kawicaksanan, sarupaning wong kang nglakoni iku padha duwe budi padhang. Pangalembana marang Gusti Allah iku langgeng ing salawase.


Wetune saka ing tepining langit sarta ubenge tumeka ing sisih liyane, ora ana barang kang ora kena ing panasing sunare.


Angger-anggere Sang Yehuwah iku sampurna, nyegerake nyawa; pranatane Sang Yehuwah iku setya tuhu, aweh kawicaksanan marang wong kang ora duwe pangalaman.


kanggo aweh kalantipun marang wong kang ora duwe pangalaman, sarta kawruh lan kawicaksanan marang wong anom; –


wong kang wicaksana, becik ngrungokna, supaya wuwuh ngelmune, lan wong kang duwe pangreten supaya oleh bab-bab kang kena kanggo tetimbangan –


Wedi-asih marang Yehuwah iku wiwitaning kawruh, nanging wong bodho padha ngremehake kawicaksanan lan pamerdi.


Kabeneran iku ngunggahake drajating bangsa, nanging dosa iku dadi cacading bangsa.


Kang dadi kawicaksanane wong pinter iku anggone ngreti marang dalane dhewe, nanging wong bodho iku diapusi dening bodhone.


Pangeran Yehuwah demi karsane nylametake kepareng maringake piwulange kang agung lan mulya;


Para wong wicaksana bakal padha kawirangan, kaget lan keblusuk. Lah wis padha nampik pangandikane Sang Yehuwah, apa isih padha kadunungan kawicaksanan?


Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Yaiki Yerusalem! Iki Sunpapanake ana ing satengahing bangsa-bangsa lan kaubengan ing nagara-nagarane.


Saben bab kang mbutuhake kawicaksanan lan pangreten, kang didangokake dening Sang Prabu marang wong-wong mau, tinemune wong-wong mau tikel sapuluh anggone ngluwihi kapinterane para sarjana lan para juru gendam ing saindenging karajan.


He Beltsazar, kepalaning para sarjana! Ingsun mirsa, manawa sira kapenuhan ing rohing para dewa kang suci sarta manawa ora ana wewadi kang angel tumrap sira! Mulane wahyu supena kang ingsun tampi iki unjukna maknane.


Sanadyan Sunseratake piwulangingSun pirang-pirang, nanging iku padha dianggep prakara kang kanggo wong manca.


sarta sakehe bangsa banjur bakal padha ngarani rahayu marang sira, marga sira bakal dadi nagara kasenengan. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi.


Mulane kowe padha nglakonana pangandikaning prasetyan iki kanthi tumemen, supaya kowe padha bisa oleh kabegjan ing sabarang kang koklakoni.


banjur mangandikani mangkene: “Kowe padha nggatekna apa kang wus dakpituturake marang kowe ing dina iki, supaya kokprentahake marang anak-anakmu, padha konen nglakoni kanthi temen-temen sakehe pangandikane angger-anggering Toret iki.


Awitdene iki dudu tembung kang tanpa isi tumrap ing kowe, nanging iku uripmu, lan srana pangandika iki bakal dawa umurmu ana ing tanah kang kokparani, bakal kokenggoni, kalawan nyabrang ing bengawan Yarden.”


Elinga uga, yen wiwit cilik kowe wus wanuh karo Kitab Suci, kang bisa ngolehake kawicaksanan marang kowe lan nuntun kowe marang karahayon marga saka pracaya marang Gusti Kristus Yesus.


Sapa panunggalanmu kang wicaksana sarta limpad ing budi? Iku nuduhna panggawene uripe kang utama kalawan kawicaksanan, kang tuwuh saka budi sareh.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan