Kayadene ebune gunung Hermon kang mudhun ing gunung-gununge Sion. Awit iya ana ing kono Pangeran Yehuwah anggone ndhawuhake berkah lan urip nganti ing salawase.
Wiwit saka ing Aroer, kang kaprenah ana ing sapinggire kali Arnon, lan kutha kang ana ing lebak saurute kali, nganti tekan ing tanah Gilead, ora ana kutha siji-sijia kang ora karayud marga saka santosane, awit kabeh diulungake dening Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, marang kita.
“Anadene nagara iku nalika samana wus padha kita ejegi, wiwit saka Aroer kang ana ing pinggire kali Arnon, nganti tekan saparone pagunungan Gilead dalasan kutha-kuthane, iku banjur dakwenehake marang bani Ruben lan bani Gad;
Kaya mangkono dadine ing waktu iku kita padha ngrebut nagara ing sabrange kali Yarden saka pamengkuning ratune bangsa Amori loro iku, wiwit saka kali Arnon nganti tumeka ing gunung Hermon;