Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 4:46 - Kitab Sutji

46 ing sabrange bengawan Yarden, ing lebak ing sangarepe Bet-Peor, ana ing nagarane Prabu Sihon, ratune wong Amori kang akedhaton ana ing Hesybon, kang dikalahake dening Nabi Musa lan wong Israel nalika wus padha metu saka ing tanah Mesir;

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 4:46
14 Iomraidhean Croise  

Kajawi punika ugi Paduka paringi karajan tuwin bangsa pinten-pinten, lajeng dhaerahipun wau Paduka paringaken dados dhaerah wates, amargi tanahipun sami dipun ebroki: inggih punika tanahipun Sihon, raja ing Hesbon, lan tanahipun Prabu Og, raja ing Basan.


Sang Prabu Og mau tumuli disorake dalah putrane lan rakyate kabeh, nganti ora ana wonge siji bae kang bisa oncat, nagarane banjur diejegi.


awitdene kula sami boten badhe purun nampeni siti pusaka wonten ing sabranging benawi Yarden ing salajengipun, manawi kula sampun sami angsal panduman wonten ing sawetaning benawi Yarden ngriki.”


Iki pangandikane kang didhawuhake dening Nabi Musa marang wong Israel kabeh ana ing sabrange bengawan Yarden, ing pasamunan, ing tanah rata Araba-Yordan, penere Suf, ing antarane Paran karo Tofel, Laban, Hazerot lan Di-Zahab.


Kaya mangkono dadi kita padha mandheg ana ing lebak penere Bet-Peor.”


Kaya mangkono dadine ing waktu iku kita padha ngrebut nagara ing sabrange kali Yarden saka pamengkuning ratune bangsa Amori loro iku, wiwit saka kali Arnon nganti tumeka ing gunung Hermon;


Banjur dipetak dening Panjenengane ana ing lebake tanah Moab ing penere Bet-Peor, ora ana wong kang weruh pasareane nganti tekan ing dina iki.


Iki pepeling lan katetepan sarta pranatan kang diparingake dening Nabi Musa marang wong Israel nalika padha lumaku metu saka ing tanah Mesir;


tanahe banjur diejegi, mangkono uga nagarane Prabu Og, ratu ing Basan, karo-karone ratune wong Amori ing sabrange bengawan Yarden sisih wetan.


Iki asmane para ratu ing nagara kang dikalahake dening wong Israel lan kang diejegi nagarane ana ing sabrange bengawan Yarden sisih wetan, wiwit ing kali Arnon tutug ing gunung Hermon sarta saindenging Araba-Yordan sapengetan.


Ingsun banjur ngeculake laler cathak ana ing ngarepira, kang marakake wong padha keplayu saka ing ngarepira, padha kaya ratune wong Amori loro, ora srana pedhangira lan ora srana panahira.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan