Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 4:45 - Kitab Sutji

45 Iki pepeling lan katetepan sarta pranatan kang diparingake dening Nabi Musa marang wong Israel nalika padha lumaku metu saka ing tanah Mesir;

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 4:45
13 Iomraidhean Croise  

Nglakonana kawajibanmu kalawan setya marang Sang Yehuwah, Allahmu; karo maneh lakumu metua ing dalan pitedahe sarta lestarekna anggonmu ngenut sakehing katetepan, prentah, pranatan tuwin katemtuan, kaya kang katulis ing angger-anggere Nabi Musa, supaya samubarang kabeh kang koklakoni lan sakehing sedyamu bisa oleh gawe,


Dhawuh pepenget Paduka punika dados pusaka kawula salami-laminipun, awit punika dados kabingahanipun manah kawula.


Kawula bingah ing bab pitedah pepenget Paduka, kadosdene ing bab sakathahing raja-brana.


Rahayu wong kang padha netepi ing dhawuh pepengete sarta ngupaya Panjenengane kalawan gumolonging ati,


Panacad tuwin pangina mugi Paduka singkiraken saking kawula, awitdene kawula netepi dhawuh pepenget Paduka.


Dhawuh pepenget Paduka punika malah sami dados kasenengan kawula saha dados juru pirembag kawula.


Mugi-mugi lampah kawula tetep miturut pranatan Paduka.


Kawula badhe ngucap sokur dhumateng Paduka klayan eklasing manah, samangsa nggegulang dhateng sarak Paduka ingkang adil.


“Mulane saiki, he wong Israel, padha ngrungokna katetepan lan pranatan kang dakwarahake marang kowe supaya padha koklakoni, temah kowe lestari urip sarta padha lumebu lan ngejegi nagara peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu, marang kowe.


Iki angger-angger Toret kang digelarake dening Nabi Musa marang wong Israel.


ing sabrange bengawan Yarden, ing lebak ing sangarepe Bet-Peor, ana ing nagarane Prabu Sihon, ratune wong Amori kang akedhaton ana ing Hesybon, kang dikalahake dening Nabi Musa lan wong Israel nalika wus padha metu saka ing tanah Mesir;


Prentahe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku padha tetepana, mangkono uga pepenget lan katetepane kang wus didhawuhake marang kowe;


Ing tembe manawa anakmu takon marang kowe: Menggah pepenget saha katetepan tuwin pranatan ingkang kadhawuhaken dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, dhateng panjenengan, punika kados pundi?,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan