Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 4:44 - Kitab Sutji

44 Iki angger-angger Toret kang digelarake dening Nabi Musa marang wong Israel.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 4:44
14 Iomraidhean Croise  

sarta pranatan-pranatan, tatanan-tatanan, angger-angger lan dhawuh-dhawuh kang wus diserat kanggo sira kabeh, iku padha sira gatekna tuwin tansah padha sira lakonana kalawan setya, apadene aja padha ngabekti marang allah liyane.


Iku mau pepakon-pepakon kang didhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa ana ing gunung Sinai tumrap wong Israel.


Padha elinga marang Toret kang wus Sundhawuhake marang Musa, abdiningSun, nalika ana ing gunung Horeb, supaya kawartakna marang Israel kabeh, yaiku pranatan-pranatan lan pepakon-pepakon.


Iku mau wewaton lan pranatan kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang wong Israel lantaran Nabi Musa ana ing tanah ngare ing Moab, ing sabrange bengawan Yarden ing sacedhake Yerikho.


Sabab angger-angger iku anggone kaparingake lantaran Nabi Musa, dene sih-rahmat lan kayekten iku dumadine dening Sang Yesus Kristus.


Ana ing sabrange bengawan Yarden ing tanah Moab, Nabi Musa wiwit nggelarake angger-anggering Toret iki, pangandikane:


Kenaa ing laknat wong kang ora netepi ing pangandikaning angger-anggere Toret iki kalawan panggawe. Wong sabangsa kabeh banjur padha sumaura bareng: Amin!”


iku banjur tulisana sakehe pangandikaning angger-anggere Toret iki, yaiku samangsa kowe wus nyabrang lumebu ing nagara peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, tanah kang luber puwan lan madu, kaya kang wus kajanjekake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu marang kowe.


Sabanjure watu-watu mau padha tulisana sakehe pangandikaning angger-anggere Toret iki, tulisane kang cetha lan terang.”


Anggon kita padha kaparingan angger-anggering Toret iku lumantar Nabi Musa, iku dadi darbeke pasamuwane Rama Yakub.


Kutha-kutha iku mau yaiku: Bezer ing pasamunan, ing tanah warata kang dhuwur, kanggo wong Ruben; Ramot ing Gilead kanggo wong Gad lan Golan ing tanah Basan kanggo wong Manasye.


Iki pepeling lan katetepan sarta pranatan kang diparingake dening Nabi Musa marang wong Israel nalika padha lumaku metu saka ing tanah Mesir;


Iki asmane para ratu ing nagara kang dikalahake dening wong Israel lan kang diejegi nagarane ana ing sabrange bengawan Yarden sisih wetan, wiwit ing kali Arnon tutug ing gunung Hermon sarta saindenging Araba-Yordan sapengetan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan