42 supaya wong kang mateni pepadhane tanpa kajarag lan iya ora marga disengiti ing sadurunge, bisa ngungsi mrono, temah manawa ngungsi menyang ing salah sijine kutha iku, bisa lestari urip.
Anadene kutha kang padha kaparingake marang para bani Lewi iku kang nem dadia kutha pangungsen, supaya kenaa diungseni dening wong kang gawe pati. Saliyane iku sira menehana maneh kutha patang puluh loro.
Kutha-kutha iku mau yaiku: Bezer ing pasamunan, ing tanah warata kang dhuwur, kanggo wong Ruben; Ramot ing Gilead kanggo wong Gad lan Golan ing tanah Basan kanggo wong Manasye.
supaya marga prakara loro kang tetep, mokal manawa Gusti Allah cidra, kita kang ngupaya pangayoman, oleh pangatag-atag kang kuwat amrih nggayuh marang pangarep-arep kang kagantungake.