Anadene kutha kang padha kaparingake marang para bani Lewi iku kang nem dadia kutha pangungsen, supaya kenaa diungseni dening wong kang gawe pati. Saliyane iku sira menehana maneh kutha patang puluh loro.
“Kowe aja nganti ngelih pathok watesing lemahe pepadhamu kang wus ditetepake dening wong-wong biyen ing tanah-pusaka kang bakal dadi duwekmu ana ing nagara kang diparingake Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe supaya dadi darbekmu.”
supaya wong kang mateni pepadhane tanpa kajarag lan iya ora marga disengiti ing sadurunge, bisa ngungsi mrono, temah manawa ngungsi menyang ing salah sijine kutha iku, bisa lestari urip.