Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 4:40 - Kitab Sutji

40 Kowe padha netepana katetepan lan pepakene kang dakprentahake marang kowe ing dina iki, supaya kowe lan anak-putumu ing besuk padha diganjara slamet, sarta dinawakna umurmu ana ing tanah peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe ing salawas-lawase.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 4:40
34 Iomraidhean Croise  

supaya padha tetep nindakake pranatane Gusti Allah, lan ngestokake marang sakehe piwulange. Haleluya!


Sira ngajenana bapa-biyungira, supaya didawakna umurira ana ing tanah peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira marang sira.


Ing nagaranira bakal ora ana wong wadon kang keluron utawa kang gabug. Lan umurira bakal Sunjangkepi.


Sanadyan wong dosa lan kang nglakoni piala ping satus dawa umure, nanging aku sumurup, manawa wong kang wedi marang Gusti Allah iku bakal oleh kaslametan, amarga padha wedi marang pangayunane.


Ing kono ora bakal ana bayi maneh kang umure mung sawatara dina utawa wong tuwa kang ora tutug umure, sabab wong kang matine umur satus taun iku bakal dianggep isih enom, lan sapa kang umure ora nganti satus taun bakal dianggep kena ing ipat-ipat.


kang wus Sundhawuhake marang leluhurira, nalika Sunluwari saka ing tanah Mesir, saka ing pawon pangleburan wesi, kanthi pangandika mangkene: Rungokna dhawuhingSun lan lakonana kabeh kang Sundhawuhake marang sira, temah sira bakal dadi umatingSun lan Ingsun dadi Allahira,


Nanging Nabi Yeremia ngandika marang bani Rekhab: “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Sarehne sira padha ngestokake marang piwelinge Yonadab, leluhurira, ngukuhi marang sakehing piwelinge, lan tetep padha nglakoni kaya piwelinge marang sira,


Mung prakara iki kang Sundhawuhake: Sira padha ngrungokna dhawuhingSun, temah Ingsun bakal dadi Allahira lan sira dadi umatingSun, apadene sira tansah lumakua ana ing dalan kang Suntedahake marang sira, supaya sira padha nemu begja.


Ingsun banjur bakal dedalem ana ing kene nunggil kalawan sira, ing tanah kang wus Sunparingake marang leluhurira, wiwit ing jaman kuna nganti ing salawas-lawase.


Kang iku sira padha nggatekna ing pepakoningSun lan padha sira lakonana; Ingsun iki Yehuwah.


Anadene Nabi Musa ngandika marang Sang Hobab, putrane Imam Rehuel wong Midian, mara-sepuhe Nabi Musa, mangkene: “Lakuku padha menyang panggonan kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah, pangandikane: Iku bakal Sunparingake marang sira. Mulane kowe bok melu aku, mesthi bakal padha dakrengkuh becik, marga Sang Yehuwah wus njanjekake kang becik tumrap Israel.”


“Manawa kowe padha tresna marang Aku, padha netepana pepakonKu.


supaya sira slamet lan dawa umurira ana ing donya.


sarta supaya kowe padha kaparingana umur dawa ana ing tanah kang wus diprasetyakake dening Pangeran Yehuwah marang para leluhurmu kalawan supaos, yen bakal kaparingake marang para leluhurmu lan marang turune, sawijining nagara kang luber puwan lan madu.


Aja kokpangan, supaya kowe saanak-putumu ing sapungkurmu padha slameta, marga kowe nglakoni apa kang bener ana ing paningale Sang Yehuwah.


Gatekna temenan apa kang dakprentahake marang kowe, supaya kowe saanak-putumu ing sapungkurmu padha ginanjara slamet ing salawas-lawase, marga kowe nglakoni apa kang becik lan bener ana ing paningale Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.”


Saora-orane embokne uculna, mung anake bae kena kokjupuk; iku supaya kowe ginanjara slamet lan umur dawa.


Watu timbanganmu kudu kang wutuh lan cocog; lan takeranmu efa kudu kang wutuh lan cocog, supaya kowe didawakna umurmu ana ing tanah peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe.


Awitdene iki dudu tembung kang tanpa isi tumrap ing kowe, nanging iku uripmu, lan srana pangandika iki bakal dawa umurmu ana ing tanah kang kokparani, bakal kokenggoni, kalawan nyabrang ing bengawan Yarden.”


Wesi lan tembaga dadia slaraking lawangmu, lan kasantosanmu lestaria sajege uripmu.


“Mulane saiki, he wong Israel, padha ngrungokna katetepan lan pranatan kang dakwarahake marang kowe supaya padha koklakoni, temah kowe lestari urip sarta padha lumebu lan ngejegi nagara peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu, marang kowe.


Pitutur kang dakprentahake marang kowe iki aja padha kokwuwuhi lan iya aja kokkurangi, supaya kowe padha nggatekna pepakene Sang Yehuwah, Gusti Allahmu kang dakprentahake marang kowe.


Elinga, kowe wus padha dakwarah bab katetepan lan pranatan kaya kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahku, marang aku, supaya padha nglakoni ana ing nagara kang kokparani lan kang bakal kokejegi.


Mulane iku padha lakonana kalawan setya, awitdene iku kang bakal dadi kawicaksananmu lan kaluwihaning budimu ana ing ngarepe para bangsa, kang samangsa krungu sakehe katetepan iku, bakal celathu: Bangsa gelengan gedhe iki pancen bangsa kang wicaksana lan limpad ing budi.


nanging Ingsun nandukake sih-palimirma marang wong ewon-ewon kang padha tresna marang Ingsun lan netepi marang pepakenngSun.


Sira ngajenana bapa-biyungira, kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah Allahira, maran sira, supaya dawaa umurira lan supaya diganjara slamet ana ing tanah peparinge Pangeran Yehuwah, Allahira, marang sira.


Bok iya tetepa anggone padha duwe bebuden mangkono iku yaiku, padha wedi-asih marang Ingsun sarta netepi pepakeningSun, supaya padha ginanjar slamet dalah anak-putune salawas-lawase.


Kabeh dalan kang ditedahake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, iku ambahen, supaya kowe padha urip lan padha ginanjar slamet apadene dawa umurmu ana ing tanah kang bakal kokejegi.”


karomaneh kowe nglakonana apa kang bener lan kang becik ana ing ngarsane Sang Yehuwah, supaya kowe ginanjara slamet, sarta lumebu lan ngejegi nagara kang becik kang wus diprasetyakake kalawan supaos dening Pangeran Yehuwah marang para leluhurmu,


Mulane, he Israel, padha ngrungokna! Iku kabeh padha lakonana kalawan temen-temen, supaya kowe padha ginanjar slamet lan supaya padha tangkar-tumangkar, kaya kang wus dijanjekake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu, marang kowe ana ing tanah kang luber puwan lan madu.


Nggegulang ing kajasmanen iku paedahe mung sathithik, nanging pangibadah iku maedahi tumrap samubarang kabeh, awit iku ngemot prajanjian kanggo urip ing saiki lan ing tembe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan