PANGANDHARING TORET 4:39 - Kitab Sutji39 Mulane ing samengko kowe padha ngawruhana lan nggatekna yen Pangeran Yehuwah piyambak kang jumeneng Allah ana ing langit dhuwur lan ana ing bumi ngisor, ora ana liyane maneh. Faic an caibideil |
Anadene sira, putraningsun Suleman, sira diwanuh kalawan Gusti Allahe ramanira lan ngabektia marang Panjenengane kalawan tulus eklas lan legawaning ati, awit Pangeran Yehuwah iku niti priksa sakehing ati tuwin nguningani sakehing kekarepan lan idham-idhaman. Manawa sira ngupaya marang Panjenengane, Panjenengane rena manawa sira sowani, nanging manawa sira ninggal Panjenengane, sira bakal kabuwang ing salawase.
sarta munjuk: “Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun leluhur kawula sadaya, Paduka punapa sampun boten jumeneng Gusti Allah wonten ing swarga? Paduka punapa sanes ingkang ngwaosi sadaya karajaning bangsa? Paduka ingkang kadunungan pangwaos saha kakiyatan, satemah boten wonten tiyang ingkang keconggah nglawan Paduka.
“Sira iki padha dadi seksiningSun,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, “tuwin abdiningSun kang wus Sunpilih, supaya sira padha sumurup lan kumandel marang Ingsun lan mangreti, manawa Ingsun iki tetep Panjenengane. Sadurunge Ingsun ora ana Allah kang jumeneng, sarta sawuse Ingsun bakal ora ana liyane maneh.
Sareng kula sami mireng bab punika, manah kula sami lemes tanpa daya sarta boten wonten tiyang satunggal-tunggala ingkang taksih gadhah krekat wonten ing ngarsa panjenengan, amargi Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, punika Gusti Allah ingkang wonten ing langit ing nginggil saha ing bumi ing ngandhap.