Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 4:38 - Kitab Sutji

38 sarta nundhungi bangsa-bangsa kang cacahe lan pangwasane ngungkuli kowe saka ing ngarepmu, lan kowe diirid lumebu menyang ing nagarane lan maringake nagara iku marang kowe dadia tanah-pusakamu, kaya kang kelakon ing dina iki.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 4:38
14 Iomraidhean Croise  

“Samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus ngirid kowe lumebu ing tanah kang kokparani lan bakal kokejegi, sarta wus nundhungi bangsa pirang-pirang saka ing ngarepmu, yaiku wong Het, wong Girgasi, wong Amori, wong Kanaan, wong Feris, wong Hewi lan wong Yebus, bangsa pitu kang cacahe lan kekuwatane ngungkuli kowe,


Pangeran Yehuwah masthi bakal nundhungi sakehe bangsa iku saka ing ngarepmu, satemah kowe bakal padha ngenggoni tanahe bangsa-bangsa kang luwih gedhe lan luwih rosa tinimbang kowe.


Yehuwah banjur ngandika marang aku: Wruhanira, Ingsun wus miwiti ngulungake Sihon dalah tanahe marang sira, kang iku sira miwitana ngenggoni tanahe supaya dadia darbekira.


Sarta maneh pangandikane Sang Senapati Yusak: “Iki dadia titikane enggonmu padha sumurup, yen Gusti Allah kang sipat gesang ana ing satengahmu, lan mesthi bakal nundhungi wong Kanaan, wong Het, wong Hewi, wong Feris, wong Girgasi, wong Amori lan wong Yebus, saka ing ngarepmu!


Nanging kowe elinga marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, awit iya Panjenengane iku kang maringi kakuwatan marang kowe nganti kowe bisa oleh kasugihan, karsane ngiyatake prasetyane kang wus didhawuhake marang para leluhurmu kalawan supaos, kaya dene ing dina iki.


tanah ingkang sampun katelukaken dening Pangeran Yehuwah kangge umat Israel, punika tanah ingkang prayogi kadamel ngingah raja-kaya, mangka ingkang abdi punika sami ngingah raja-kaya.”


Marga golongane talere Ruben lan golonganing talere bani Gad wus padha tampa tanah pusaka, mangkono uga saparoning talere Manasye iya wus padha tampa panduman.


Loro satengah taler iku wus padha tampa tanah pusaka ana ing sabrangane bengawan Yarden ing sacedhake Yerikho sapangetan.”


Punapa Paduka sanes Gusti Allah kawula sadaya ingkang nundhungi para tiyang ingkang sami manggen ing tanah ngriki saking ing ngajenging umat Paduka Israel saha lajeng maringaken tanah wau dhateng tedhakipun Eyang Abraham mitra Paduka, kangge ing salami-laminipun?


Lah minangka piwales tiyang-tiyang punika sami dhateng tuwin badhe ngesahaken kawula sadaya saking ing tanah pusaka ingkang sampun Paduka warisaken dhumateng kawula sadaya.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan