PANGANDHARING TORET 4:36 - Kitab Sutji36 Saka ing langit kowe krungu sabdane kang mulang kowe, lan ana ing bumi kowe diparengake ndeleng geni kang gedhe, lan krungu sakehe sabdane saka ing satengahing geni. Faic an caibideil |
Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Lah Ingsun bakal ngrawuhi sira ana ing mendhung kang peteng, supaya wong akeh padha krungua samangsa Ingsun imbal pangandika karo sira, lan supaya tansah padha ngandel marang sira.” Nabi Musa banjur munjuk marang Sang Yehuwah bab kasaguhane bangsa iku.
Dipadha prayitna, supaya aja padha nampik marang Panjenengane, kang medharake pangandika. Jalaran manawa wong-wong kang nampik marang Panjenengane kang nglairake pangandikane Gusti Allah ana ing bumi iku, ora bisa oncat, apamaneh kita, manawa kita nyingkur marang Panjenengane, kang ngandika saka ing swarga.